PRANATACARA
Endarwati, S. Pd.
Endarwati, S. Pd.
PANGERTOSAN PRANATACARA
PANGERTOSAN (Pengertian)
Pranatacara yaiku paraga kang nduweni jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara.
Panatacara kerep uga diarani dening bebrayan agung minangka panatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale.
PERANGAN TEKS PRANATACARA
1. Salam pambuka.
Salam pambuka kanthi tembung :
“Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
2. Pambuka.
Isine :
- Atur puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad.
- Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
3. Isi/Ancasing gati/Urutan acara.
Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicara apa sing kudu diaturake kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kunu.
4. Panutup.
Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak.
5. Salam penutup.
BAB KANG DIGATEKAKE NALIKA NGATURAKE PRANATACARA
1. Swara
Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung, mendat mentul, kepenak dirungokake.
- Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis-manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp.
- Lagu (wirama) : Nyakup sora-lirih, dawa-cendheking swara, mendat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung
2. Busana / Ageman
Ajining raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan kang diemban bisa kaleksanan kanthi becik Pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa kaperluwane ana ing upacara , rapi, lan tumata panatane.
3. Subasita
Trapsila utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku.
Owah-owahan pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone jumbuh karo swasana.
4. Basa lan sastra
Basa kang digunakake pranatacara lan pamedhar sabda diudi sing bener, pener,
becik, endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang
trep panganggone. Supaya trep kudu ngeling:
- Sapa sing guneman
- Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens
- Sapa /apa sing digunem
- Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
TULADHA TEKS PRANATACARA
TULADHA PRANATACARA PENGAJIAN
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِينَ ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالمُرْسَلِينَ ، نَبِيِّنَا وَحَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ، أَمَّا بَعْد
Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin Wassholatu wassalamu 'alaa asyrofil mursaliin, nabiiyina wa habibina muhammadin, wa ala alihi wa sohbihi aj ma'ain waman tabi ahu bi ihsanin ilaa yaumiddin amma ba'du.
Khadrotal muhtaromin, dumateng para alim ulama, para kyai, para haji hajjah, para ustadz ustadzah Ingkang kula hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom bp KH. Saiful Anwar saking solo ingkang kita mulyaaken lan kita tengga2 punapa ingkang dados fatwa saha nasihatipun.
Wonten pangarsanipun bp kades, bp kadus, ketua rt,ketua rw, saha lembaga sanesipun ingkangkula hormati, khususipun dumateng segenap panitia penyelenggara pengajian umum, wonten ing desa ampel ingkang kula mulya aken. Mboten kesupen dumaten sedaya tokoh agama, tokoh masyarakat lan sesepuh pinisepuh lan sedaya tamu undangan kakung saha putri lan sedaya para rawuh ingkang kinurmatan.
langkung rumiyin mangga kita panjataken syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi dateng kita pinten-pinten kenikmatan, sehingga wonten ing dalu [siang] punika kita saget kempal manunggal wonten ing Masjid ISTIQOMAH mriki kangge nderekaken pengaosan umum kanti wilujeng rahayu mboten wonten manggihi halangan setunggal punapa.
Sholawat saha salam mugi-migi tansah kunjuk dumateng Nabi agung Muhammad SAW, engkang sampun mbeta umatipun awit saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah, sahingga kita sedaya saged raosaken dumigi sak menika, saha engkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang wonten ing yaumal Qiyamah Amin.
hadirin hadirot ingkang kula mulyaaken
keparenga kula nderek matur, Wonten mriki kula kajibah minangka dados pranata adicara, mila badhe maosaken runtutipun susunan acara ingkang insya allah bade kalampah wonten ing dalu punika.
adicara ingkang angka 1 inggih punika pambuka dipun terusaken adicara ingkang angka 2 inggih punika,waosan ayat-ayat suci al-quran saha sak solawatipun. lan adicara ingkang angka 3 inggih punika waosan tahlil.
wondene atur sambutan-sambutan minangka adicara ingkang angka 4,lan adicara ingkang angka 5 inggih punika inti pengaosan [mauidho tul hasanah] lan adicara ingkang angka 6 inggih punika DOA minangka panutup
hadirin hadirot rahima kumullah
ngengeti wekdal sampun sakwetawis.....mila mangga acara wonten ing wedal .....kita bika sareng-sareng kanti tabarrukan [a'laf barokah] surah al-fatihah "lirridho ilaahitaala walisyafati rosulillah solloalahi wassalm wali ijabatii kulli mas uliin al fatihah.
matur nuwun kanti waosanipun,mugi-mugi kanti tabarrukan waosan surah al fatihah acara wonten ing wekdal ....punika saged lumampah [berjalan] kanti lancar mboten manggihi halangan setunggaing punapa amin.
sak lajengipun adicara ingkang angka kaleh inggih punika waosan ayat-ayat suci al-quran saha sak solawatipun, ingkang bade ka waos saking panjenegan ipun bp ustadz mahmud dumateng panjenenganipun bp ustadz mahmud wekdal saha panggenan kula aturaken.
matur nuwuwn kanti waosanipun, dumateng panjenenganipun bp ustadz mahmud kula aturaken "JAZA KUMULLAHU AHSANAL JAZA'
dungkap [terus] adicara ingkang angka 3 inggih punika waosan tahlil, wonten ing ndalu[siang] punika bade ka imami deneng panjenengan ipun bk k muhtar, dumateng panjenengan ipun bp k muhtar wekdal saha panggenam kula aturaken
mekaten waosan tahlil ingkang sampun dipun imami deneng panjenengan ipun bp k muhtar, dumateng panjenengan ipun kula atur aken "JAZA KUMULLAHU AHSANAL JAZA"
dipunlajengaken adicara ingkang kaping 4 inggih punika atur sambutan-sambutan. sambutan ingkang kawiwitan inggih punika sambutan atas nami wakil panitia panyelenggara.wonten ing ndalu punika bade dipun aturaken deneng panjenengan ipun bp ustad Hakim,dumateng panjenengan ipun wekdal soo panggenan kula atur aken.
Hadirin hadirot rohima kumullah
dungkap adicara ingkang angka 6 inggih punika URAIAN MAUIDHOTULHASANAH saha sak doa nipun, utawi inti acara wonten ing pengajian umum desa AMPEL, ingkang bade dipun ka atur aken dening panjenengan ipun al- mukarrom BP.K.H.Saiful Anwar saking kota solo.dumateng panje nengan ipun BP. K.H....wekdal saha panggenan sak cekap ipun kula atur aken sumangga.
hadirin hadirot rohimakumulloh
mekaten inti pengajian saha sak doanipun ingkang nembe ka aturaken dening panjene ngan ipun al-muKarrom BP.K.H.....mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya saged mendet hikmah ipun lan saged nglampahi menopo ingkang sampun dipun aturken.
hadirin rohima kumulloh
sak sampunipun adicara inti lan sak doanipun sampun kalempah artosipun acara wonten ing wekdal dalu [siang] punika, sampun paripurna. mila kangge nutup acara wonten ing dalu mangga kita sareng-sareng maos "hamdalah" alhamdu lillahi robbil alamin.
saking kula minangka pembagi wekdal [muqossimul auqoot] menawi wonten kehilafan nipun utawi wonten tutur kata ingkang mboten sae, kula tansah nyuwun agungnge pangampunten. kula ahiri
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاتة
TULADHA PRANATACARA AUDIO