Cerkak yaiku cekakan saka cerita cekak sing tegesé carita kang cekak utawa ringkes, nanging isih nyakup unsur-unsur narasi kayata paraga, latar, konflik, lan amanat.
Cerkak iku minangka salah siji bentuk sastra naratif ing basa Jawa, mirip karo cerpen (cerita pendek) ing basa Indonesia.
Nglipur (menghibur)
Nglantaraké piwulang (memberi pelajaran/hikmah)
Nambah wawasan basa lan budaya Jawa
Cekak (pendek), watara 2–5 kaca.
Isiné mung nyritakaké sak prastawa utawa konflik utama.
Ana paraga, latar, alur, lan amanat.
Basa sing digunakaké lumrahé basa ngoko alus utawa campuran.
Pambuka (Orientasi): ngenalaké paraga, latar, lan setting.
Isi (Komplikasi): nyritakaké konflik utawa masalah.
Panutup (Resolusi): solusi saka konflik lan amanat cerita.
Tema: gagasan utama cerita
Paraga (tokoh): pelaku cerita (utama lan tambahan).
Paraga ana 3 yaiku:
protagonis ( duwe watak becik)
Antagonis (duwe watak ala)
Tritagonis (kang nyengkuyung paraga liyane )
Watak: sipat utawa karakter tokoh
Latar: papan, wektu, lan suasana
ana 3 yaiku:
panggonan : ing kali, ing omah
wektu : sore , awan
swasana : rame,
Alur: runtutan crita (maju, mundur, campuran)
Sudut pandang (pamawas): sapa sing nyritakaké (tokoh utama utawa narator)
ana 2 yaiku:
wong kapisan (aku)
wong katelu (dia)
Amanat: piwulang utawa pesen moral
Nemtokake tema lan pesan.
Ngrancang tokoh, watak, lan latar.
Ngembangaké alur cerita.
Nulis nganggo basa Jawa sing trep.
Mriksa maneh (revisi) asil tulisan.
Judul: Bocah Sing Nglalekake Janji
Pambuka: Ana bocah jenengé Raka, siswa SMK sing pinter lan sregep.
Isi: Nalika kelas XI, Raka janji bakal ngewangi bapaké nandur pari nek wis libur sekolah. Nanging wektu libur teka, dhèwèké luwih seneng dolanan HP lan lali janjiné.
Panutup: Banjur tanduran bapaké rusak amarga ora ana sing ngewangi. Raka rumangsa salah lan njaluk ngapura. Wiwit iku, Raka dadi bocah sing tanggung jawab lan ora gampang lali janji.