Mbabar Wawasan
Kabudayan Jawa umure wis ewon taun. Salah sijine yaiku kesenian sing awujud tembang. Seni tembang ing kabudayan Jawa kasebut ngandhut unsur estetis, etis, lan historis. Unsur estetis utawa kaendahane seni tembang yaiku dulce et utile sing tegese nyenengake utawa migunani. Nilai rekreatif tembang bisa nyenengake pikiran sing lagi bingung dadi ayem tentrem. Nilai utilitaris tembang sing gandheng karo gunane tembang ana praktik ritual masyarakat Jawa. Umpamane, ajegan macapatan, panembrama, ura-ura, lan gegendhingan, nuduhake menawa seni tembang tansah diuri-uri murih lestari.
Nilai etis utawa kasusilan awujud tata krama, unggah-ungguh, budi pakerti, wejangan, wedharan, sopan-santun, pranatan, lan duga prayoga. Mula akeh banget kitab-kitab Jawa kang ngonceki babagan unsur etis mau. Umpamane Serat Wulangreh, Serat Wedhatama, Serat Tripama, lan liya-liyane.
Sakdurunge kita miwiti pasinaon tembang macapat, ayo nyoba kuis ing ngisor iki!
Kuis Tembang Macapat
Pangerten Tembang Macapat
Sajrone karya sastra Jawa akeh ditemokake babagan piwulang budi pakarti salah sijine yaiku lumantar tembang macapat. Kajaba kepenak dilagokake kanggo panglipur, tembang macapat iku manawa didhudhah isine pranyata uga ngandhut pitutur luhur.
Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani macapat amarga olehe nembangake pedhotane 4-4, uga ana kang ngandharake manawa macapat iku saka tembung ma + cepat, iki amarga manawa nembangake macapat mung rerikatan bae, ora nganggo wiledan utawa elak-eluking swara kang njalari dadi suwene. Tembang macapat kalebu tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.
Paugeran Tembang Macapat
1) Guru Gatra
Cacahing gatra/larik/baris ing saben pada. Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis di tentokake cacahing gatrane.
2) Guru Wilangan
Cacahing wanda ing saben gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake cacahing wandane.
3) Guru Lagu
Tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o.
Guru gatrane : 4 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 12i, 6a, 8i, 8a.
Tuladhane tembang Maskumambang:
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi (12i)
Enggal tulungana (6a)
Awakku kecemplung warih (8i)
Gulagapen wus meh pejah (8a)
Maskumambang nggambarake nalika manungsa isih ana ing alam ruh lan durung lair. Sabanjure ruh iku dititisake ana ing guwa garbane ibu. Kumambang tegese kemampul, terapung-apung. Nggambarake kahanane si jabang bayi nalika ana ing njero guwa garba. Wataking tembang iki umume kaya wong kang lagi sambat kelara-lara, ketula-tula, lan sengsara.
Guru gatrane : 6 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u .
Tuladhane tembang Mijil:
Mijil ing dunya siniwi ratri (10i)
Kabeh durung katon (6o)
Amung anjali soca ing tembe (10e)
Lelaku alon siniji-siji (10i)
Nunggu mring wartaning (6i)
Sesotya satuhu (6u)
Mijil kuwi tegese lair. Tembang Mijil nggambarake laire si jabang bayi. Tembang iki nduweni watak gandrung utawa prihatin, kanthi sasmita: wijil, mijil, wiyos, utawa rarasati.
Guru gatrane : 9 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.
Tuladhane tembang Sinom:
Nuladha laku utama (8a)
Tumrape wong tanah jawi (8i)
Wong agung ing ngeksiganda (8a)
Panembahan senopati (7i)
Kepati amarsudi (7i)
Sudane hawa lan nepsu (8u)
Pinesu tapa brata (7a)
Tanapi ing siyang ratri (8i)
Amemangun karyanak tyasing sesama (12a)
Sinom nggambarake kahanane manungsa nalika isih enom. Sinom tegese anom, enom, utawa timur. Nalika isih enom, manungsa utawa bocah kudu golek elmu utawa ngangsu kawruh saakeh-akehe kanggo sanguning urip ing tembe mburine. Tembang iki nduweni watak wantah, dene sasmitane ing antarane: anom, taruna, srinata, ron kamal, pengrawit, lan logondhang.
Guru gatrane : 6 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
Tuladhane tembang Kinanthi:
Padha gulangen ing kalbu (8u)
Ing sasmita amrih lantip (8i)
Aja pijer mangan nendra (8a)
Kaprawiran den kaesthi (8i)
Pasunen sarira nira (8a)
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo nggabarake rasa seneng, katresnan, lan kewicaksanan. Kinanthi nggambarake bocah sing dituntun supaya slamet uripe. Tuntunan utawa dalane kudu sing bener supaya cita-cita utawa pangarep-arepe bisa kawujud lan kaleksanan. Tembang iki nduweni watak asih lan asuh. Sasmitane yaiku: kinanthi, kanthi, utawa sinartan.
Guru gatrane : 7 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
Tuladhane tembang Asmarandana:
Duh garawaku banowati (8i)
Sirya kariya raharja (8a)
Ingsun anemahi layon (8o)
Mring becik pamomong ira (8a)
Mring para putra nira (7a)
Duh nyawa atmaja ingsun (8u)
Dadya kariya raharja (8a)
Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk saka tembung asmara kang tegese seneng utawa tresna, lan dahana kang tegese geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Rasa seneng utawa tresna iku paringane Gusti Kang Maha Kuwasa marang sakabehing manungsa. Rasa seneng utawa tresna iku kudu dijaga supaya ora ndadekake utawa nuwuhake bebaya tumrape manungsa. Tembang Asmarandana iku nduweni watak luwes lan manis. Sasmitane: kasmaran, asmara, brangti, kingkin, utawa dana.
Guru gatrane : 5 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 7u, 10u, 8u, 8u, 8o.
Tuladhane tembang Gambuh:
Sekar gambung ping catur (7u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12i)
Kadalwarsa katutur (8u)
Katutuh pan dadi awon (8o)
Gambuh tegese jumbuh, sarujuk, utawa sawiji, yaiku gegambarane wong kang ngancik alam kulawarga. Mula sawise padha jumbuh, sarujuk, utawa cocog, banjur mbangun kulawarga adhedhasar rasa tresna. Tembang iki watake rada sereng. Sasmitane: gambuh, tambuh, anut, wimbuh. Tembang gambuh pancen kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya eling marang tumindak-tumindake. Manungsa dielingake menawa kabeh tingkah polahe manungsa iku ana akibate. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakakake uripe manungsa sing duwe patrap kaya mangkono iku.
Guru gatrane : 10 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.
Tuladhane tembang Dhandhanggula:
Ana kidung rumeksa ing wengi (10i)
Teguh hayu luputa ing lara (10a)
Luputa bilahi kabeh (8e)
Jim setan datan purun (7u)
Paneluhan tan ana wani (9i)
Miwah panggawe ala (7a)
Gunaning wong luput (6u)
Geni atemahan tirta (8a)
Maling adoh tan ana ngarah ing mami (12i)
Guna duduk pan sirna (7a)
Dhandhanggula nggambarake kahanan uripe manungsa kang nyenengake, mapan, mulya, cukup sandhang, pangan, lan papan. Dhandhanggula isine kebak pengareparep utawa pangajap kang becik, kebak memanis amarga apa kang digegadhang bisa kasembadan. Akeh pitutur sajroning tembang iki kaya tembang kang rinipta dening Sunan Kali Jaga ing ndhuwur mau. Watake luwes. Sasmitane: tembung sarkara, manis, madu, dhandhang.
Guru gatrane : 7 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
Tuladhane tembang Durma:
Dipun sami ambanting sarira nira (12a)
Cegah dhahar lan guling (7i)
Dorapan suda (6a)
Nepsu kang ambra ambra (7a)
Lerema ing tyas sireki (8i)
Dadi sabarnang (5a)
Karsa nira lestari (7i)
Durma kuwi nggambarake kahanane manungsa kang wis seneng, sarwa kecukupan utawa wis mapan. Sawise mapan aja lali padha nindakake darma. Durma asale saka tembung darma, sedhekah utawa derma, tetulung marang sapadhane. Tembang iki ngelingake menawa manungsa iku ora bisa urip dhewe, tansah mbutuhake liyan. Mula manungsa kudu bisa urip rukun, tetulung sapadhane, lan nandur kabecikan saakeh-akehe. Tembang iki nduweni watak seru lan sereng banget. Sasmitane: durma utawa mundur.
Guru gatrane : 7 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
Tuladhane tembang Pangkur:
Jinejer ing wedhatama (8a)
Mrih tan kemba kembenganing pambudi (11i)
Mangka nadyan tuwa pikun (8u)
Yen tan mikani rasa (7a)
Yekti sepi sepa lir sepah asamun (12u)
Semasane pasamuwan (8a)
Gonyak-ganyuk nglelingsemi (8i)
Pangkur asale saka tembung mungkur utawa mundur. Tegese, manungsa kudu bisa mungkurake kabeh hawa nepsune. Uripe manungsa iku ora selawase, mula kudu tansah eling lan waspada. Seneng darma lan ngedohi/ngungkuri angkara. Tembang iki watake sereng. Sasmitane: pungkur, kur, kepungkur.
Guru gatrane : 5 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o.
Tuladhane tembang Megatruh:
Sigra milir sang gethek sinangga bajul (12u)
Kawan dasa kang njageni (8i)
Ing ngarsa miwah ing pungkur (8u)
Tanapi ing kanan kering (8i)
Sang gethek lampahnya alon (8o)
Megatruh asale saka tembung pegat sing tegese pisah lan ruh sing tegese nyawa utawa roh. Tembang iki nggambarake manungsa kang lagi sakaratul maut. Pisah antarane nyawa karo raga. Diwiwiti nalika ana guwa garbane ibu, lair, diwasa, urip mulya, lan ana ing pungkasaning crita manungsa mesthi bakal mati. Tembang iki watake getun, keduwung, prihatin. Sasmitane: andhudhuk, megat, truh, pegat.
Guru gatrane : 4 gatra
Guru wilangan lan guru lagune : 12u, 6a, 8i, 12a.
Tuladhane tembang Pucung:
Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12u)
Lekase lawan kas (6a)
Tegese kas nyantosani (8i)
Setya budya pangekesing dur angkara (12a)
Tembang iki nggambarake kahanane manungsa nalika tekan pungkasaning lakon. Raga kang wis pisah karo nyawa mau diarani layon, jisim, utawa mayit. Layon, jisim, utawa mayit mau banjur dibungkus mori werna putih sing diarani dipocong. Tembang iki nduweni watak sasenenge. Sasmitane: pucung, cung, kaluwak.