Guru Mata Pelajaran Sekolah (MGMPS) mujudake salah sawijining kumpulan guru Basa Jawa kang nduweni ancas menehi piwulang Basa Jawa marang para siswa. Dikarepake ing sajrone website iki bisa menehi paedah marang para wong kang nekani website iki.
Visi MGMPS Basa Jawa
Mujudake MGMPS Basa Jawa minangka punjering pangrembakan profesional guru Basa Jawa sing nduweni dhedhikasi, kompeten, lan inovatif anggone njurung pasinaon Basa Jawa. Sarta nduweni kwalitas pinunjul lan relevan kanggo para siswa.
Misi MGMPS Basa Jawa
Nikelake Kompetensi Guru
Menehi fasilitas kanggo nikelake kompetensi pedagogik, profesional, lan personal guru Basa Jawa lumantar pelatian, workshop, lan kagiyatan pengembangan profesional liyane.
Ngrembakakake Kurikulum lan Ubarampe Pasinaon
Ngrembakakake kurikulum lan piranti pasinaon Basa Jawa kang slaras karo lumakune jaman, budaya lokal, lan kabutuhan para siswa.
Ngulinakake Panganggone Basa Jawa ing Kauripan Saben Dina
Nuwuhake pakulinan nggunakake Basa Jawa kang bener lan pener marang para siswa.
Wangun Memitran
Wangun memitran karo instansi liya, lembaga pendhidhikan, lan komunitas kanggo njurung pangrembakane Basa Jawa.
Dadi Punjere Informasi lan Kapustakan
Menjadi pusat informasi dan referensi yang terpercaya bagi guru, siswa, dan masyarakat tentang Bahasa Jawa. Dadi punjering informasi lan kapustakan kanggo guru, siswa, pasrawungan, lan bebrayaning pangurip.
Mata Pelajaran Basa Jawa ing SMP Negeri 3 Genteng iki diwulang dening Siti Wafiyah, S.Pd. lan Age Mahardika Gustian, S.Pd.
Guru Basa Jawa kelas VII
Guru Basa Jawa kelas VIII lan IX