PEPAK BASA JAWA
KUMPULAN MATERI BASA JAWA
Urut –urutan tembang Macapat lan Sasmita tembang Macapat
(Sasmita adalah berasal dari bahasa kawi yang dapat diartikan pasemon,tanda atau samar.sasmita di dalam tembang macapat berupa kata-kata yang terdapat di awal atau di akhir cakepan tembang )
1. Maskumambang ngangge tembung :kumambang,kentir,timbul
2. Mijil ngangge tembung : wijil, mijil, metu,miyos
3. Sinom ngangge tembung : enom, mudha,pupus,taruni,anom,sri nata,logondang,kanoman,ngenomi.
4. Kinanthi ngangge tembung : kanthi,kinanthi, kekanthen,kanthi,kekanthen,gandheng,ginandheng,kanthil
5. Asmaradana ngangge tembung : asmara,kasmaran,kayungyun,kapiluyu,kasengsem,brangti.brangta,kingkin,
6. Gambuh ngangge tembung : tambuh,tumambuh,jumbuh.
7. Dhandhanggula ngangge tembung : sarkara, manis,memanise,artati,dhandhang,langking
8. Durma ngangge tembung : mundur, ngunduri,durmaka,durcala,sirna
9. Pangkur ngangge tembung : wuri,mungkur,wuntat,yudakenaka,ungkur
10. Megatruh ngangge tembung : pegat,duduk,anduduk,uwal,pisah
11. Pocung ngangge tembung : kluwak,wanda “cung”
Tuladha teks eksposisi adat mantu
Tata Cara Adat Mantu
Mantu yaiku sawijining tradhisi kang ditindakake kulawarga nalika ngomah-omahake putra-putrine kang dianggep wis dhiwasa. Diarani omah-omah sabab dadi cara kanggo nyawijekake anak wadon karo pasangane lan banjur urip dhewe manggon saomah. Manunggaling anak wadon lan lanang kaangkah bisa nemokake kamulyan sejati, lan bisa kanggo sarana antuk putra kang minangka panyambunging urip.
Mantu mujudake upacara adat Jawa kang ditindakake kanggo ngesahake lan byawarakake sawenehing pasangan wong omah-omah (suami lan istri) klamun wis nindakake rabi. Upacara mantu ditindakake sawuse tatacara agama (nikah) wis rampung utawa wis sah.
Miturut acarane mantu bisa diperang dadi loro, yaiku “mantu’’ lan ‘’ngundhuh mantu.” Mantu yaiku pahargyan panganten kang ditindakake ana omahe kulawarga penganten putri. Dene, ngundhuh mantu pahargyan penganten kang ditindakake ana omahe kulawarga penganten kakung kang padatan wektune pitung (7) dina sawuse upacara mantu. Umume upacara mantu ditindakake luwih regeng tinimbang upacara ngundhuh mantu.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
1. Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri.Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake garwane calon penganten kakung.
2. Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Upacara iki diadani sedina sedurunge ijab kabul lan ditindakake ing daleme calon manten dhewe-dhewe dening wong tuwane.
3. Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari.Acara iki duwe makna yen wengi sakdurunge acara penganten iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk ing acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sinambi aweh nasihat.
4. Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pahargyan manten.
5. Ijab kabul
6. Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan di selehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
7. Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
8. Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
9. Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa dadi perangan kulawarga.
10. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinanganten sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
11. Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.
12. Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.
13. Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
14. Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi,
15. Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
16. Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kanca, kluwarga. uga kabeh sing hadir neng acara iki.
Tembung Garba
Tembung loro utawa luwih kang digabung dadi siji kanthi nyuda wandane.tembung Garba uga diarani tembung sandi,biasane kanggo nyukupi guru wilangan ing tembang macapat.
Translit
Tembung Garba adalah kalimat yang terdiri dari 2 kata yang digabung menjadi satu.sehingga pengucapannya lebih ringkas .Namun tidak semua kata dapat dijadikan tembung Garba.
Rumus
1. A + i = e
tuladha : ana + ing = Aneng
iya + iku = yeku
2. A + u = O
tuladha : wira + utama = Wiratoma
3. A + e = e
tuladha : nara + endra = narendra
: narpa + endah = narpendah
4. U + a = w
tuladha : ratu + agung = ratwagung
5. U + e = we
tuladha : jalu + estri = Jalwestri
6. U + I = w
tuladha : mungguh + ing = munggwing
7. I + a = y
tuladha : taksih + alit = taksyalit
8. A + o = o
tuladha: dadya + ojat = dadyojat