Materi
Tembang Macapat
"Pupuh Sinom"
Pengertosan Tembang Macapat
Tembang macapat inggih menika salah satunggaling warisan budaya Jawa ingkang kawentar. Macapat inggih menika geguritan tradisional basa Jawi ingkang dipunsusun ngginakaken paugeran tartamtu. Panyeratan tembang macapat gadhah paugeran kadosta cacahipum gatra (guru gatra), cacahipun wanda ing saben sagatra (guru wilangan), saha pungkasaning swanten ing saben gatra ingkang dipunsebat guru lagu.Pangertosan Tembang Macapat Pupuh Sinom
Sinom tegesipun godhong ingkang taksih enem. Sinom ugi gadhah teges isih enom (masih muda). Tembang macapat pupuh sinom nggambaraken masa mudha, mangsa ingkang endah, sarta mangsa ingkang kebak pangajeng – ajeng saha angen – angen. Tembang macapat pupuh sinom nggambaraken makna wigatosipun mangsa mudha. Tembang macapat sinom nggadhahi piwulang nasihat, persahabatan, saha grapyak sumanak.Paugeran Tembang Macapat Sinom
Guru Gatra : 9Guru Lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a. Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12.