KAWRUH BASA
Undha-usuking basa yaiku tataraning basa Jawa manut panganggone, wondene unggah-ungguhing basa iku panataning basa miturut lingguhing tatakrama (tatakrama anggone nggunakake basa Jawa). Tujuwan nggunaake unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni awake dhewe lan ngajeni wong-wong sing pancen kudu diajeni.
Basa ngoko iku basa kang isih lugu utawa asli, mula diarani basa ngoko lugu. Basa ngoko iku kabeh tetembungane nganggo tembung ngoko tanpa ana campuran tembung krama utawa tembung krama inggil.
Tuladhane basa ngoko lugu
a. Apa kowe sida menyang perpustakaan?
b. Bukumu iki regane pira?
c. Bagus lunga menyang apotik tuku obat.
d. Nakula nggambar wit klapa
e. Dheweke bocah desa nanging sregep sinau
Wewatone basa ngoko lugu
Tembung kang dipilih kang becik lan prayoga tegese, tembung kang sopan, ora kasar, lan ora saru.
Tembung-tembung ngoko dudu dialek.
Sabisa-bisa migunakake tembung Jawa asli, yen pancen ora ana, lagi migunakake tembung Indonesia utawa tembung manca.
Kabeh migunakake tembung ngoko ora kacampuran tembung krama utawa krama inggil.
Pigunane basa ngoko lugu
Kanggo omong-omongan karo wong liya kang kalungguhane utawa drajate luwih ngisor. Tuladhane guru marang murid, wong tuwa marang anake, kakang marang adhine, panggedhe marang andhahane, kanca kang wis akrab utawa kulina srawunge.
Kanggo sesorah kang ngrungokake wis akrab utawa kanca saumuran.
Kanggo nulis ing kalawarti, buletin, buku kang mbutuhake basa ngoko.
Kanggo sesambungan kang asipat umum, kaya wara-wara, iklan, tawa dagangan, plang/papan nama.
Basa ngoko alus iku biyen aran basa ngoko antya basa, wujude tembung tembung-tembung ngoko dicampur karo tembung krama utawa krama inggil. Panganggone krama inggil iku mau kanggo ngurmati wong kang diajak omong-omongan.
Tuladha basa ngoko alus
Ngoko lugu : Mau bengi kowe sida lunga menyang toko sepatu ?
Ngoko alus : Mau bengi, panjenengan sida tindak menyang toko sepatu ?
Ngoko lugu : kowe mau ngomong karo sapa ?
Ngoko alus : Panjenengan mau ngendika karo sapa ?
Ngoko lugu : Pakdhe teka diwenehi wedang dening mas Sadan.
Ngoko alus : Pakdhe rawuh dicaosi wedang dening mas Sadan.
Wewaton kang kudu digatekake ana ing basa ngoko alus
Yen ana tembunge krama inggil dianggo, yen ora ana krama inggil tetep nganggo basa ngoko.
Tuladha : kowe ® panjenengan, ngombe ® ngunjuk
Tembung kang magepokan karo dhiri pribadi sanajan ana krama inggil tetep nganggo basa ngoko.
Tuladha : Aku arep turu ( ora kena aku arep sare)
Tembung kang magepokan karo kewan, wit lan barang sanajan ana krama inggil tetep nganggo basa ngoko.
Tuladha : Manuk emprit njaluk ngombe ( ora kena manut emprit nyuwun ngunjuk)
Ora migunakake basa krama, amung tembung krama inggil lan tembung ngoko
Tuladha : Kowe dakkon nulis layang ® Panjenengan dakaturi nulis layang (ora kena panjenengan dakaturi nyerat layang)
Ater-ater dak lan di ora diganti, dene ater-ater kok diganti panjenengan
Tuladha : dideleng ®dipriksani, dicekel ®diasta, dakmelu ®dakndherek, dakkon ®dakaturi
Panambang e ora diganti ipun, nanging yen kanggo peprenahan di ganti tembung ingkang
Tuladha : omahe ®daleme, anake ® ingkang putra, bojone ® ingkang garwa
Panambang mu diganti panjenengan
Tuladha : anakmu ®putra panjenengan, adhimu ® rayi panjenengan, simbahmu ®eyang panjenengan
Panambang ku tetep
Tuladha : Ayo mampir ing omahku ®Sumangga pinarak ing omahku, Adhimu turu ing paturonku ®ingkang rayi sare ing paturonku
Camboran di-ake isih tetep ora digant
Tuladha : dirungokake ®dimidhangetake, dikandhakake ®dingandikakake
Camboran kok-ake, kok diganti panjenengan dene ake ora diganti
Tuladha : kokgawake ®panjenengan astakake kokjupukake ®panjenengan pundhutake
Camboran dak-ne tetep ora diganti
Tuladha : dakjaluke ®daksuwune dakturokne ®daksarekne
Pigunane basa ngoko alus
Kanggo omong-omongan karo wong liya sing kalungguhan utawa drajate padha nanging duwe rasa ngurmati.
Kanggo omong-omongan marang kang kalungguhan utawa drajate luwih dhuwur nanging wis rumaket.
Kanggo nggunem wong liya kang kalungguhan utawa drajate luwih dhuwur.
Kanggo ngomong ing sangarepe wong akeh kang kalungguhan utawa drajate ana sing dhuwur lan ana sing andhap.
Basa krama lugu uga kasebut basa krama. Ngemu surasa kasusilan lan pakurmatan marang wong liya kang lagi diajak ngomong utawa lagi diomongake. Tetembungan sing digunakake yaiku tembung krama utawa bisa dirani tembung krama madya.
Tuladha basa krama lugu
Ngoko lugu : Pak Jarwo akon Siti supaya lungguh sedhela
Ngoko alus : Pak Jarwo dhawuh Siti supaya lungguh sedhela
Krama alus: Pak Jarwo aken Siti supados lenggah sekedhap.
Ngoko lugu : Sadewa akon Pak Basuki supaya lungguh sedhela
Ngoko alus : Sadewa ngaturi Pak Basuki supaya pinarak sedhela
Krama lugu: Sadewa aken Pak Basuki supados lenggah sekedhap
Ngoko lugu: Adhimu iku alise nanggal sapisan
Ngoko alus : Ingkang rayi iku imbane nanggal sapisan
Krama lugu : Adhi sampeyan menika alisipun nanggal sapisan
Wewatone Basa Krama lugu
Tembung-tembung ngoko yen ana tembung kramane diganti nganggo tembung krama, dene yen ora ana tetep nganggo tembung ngoko wae
Tuladha : ngoko lugu : Aku arep nggambar wit pelem, jeruk, apel, gedhang.
krama lugu : Kula badhe nggambar wit pelem, jeram, apel, pisang.
Tembung-tembung kang magepokan karo dhiri pribadi yen ana kramane tetep dikramakake.
Tuladha : ngoko lugu : Ayo mampir ing omahku sadhela.
krama lugu : Mangga mampir ing griya kula sakedhap (griya kula ora kena dadi dalem kula)
Tembung-tembung kang magepokan kewan, wit-witan utawa liyane yen ana kramane tetep dikramakake
Tuladha : ngoko lugu : Wit jerukku arep mati
krama lugu: Wit jeram kula badhe pejah (boten wit jeram kula badhe seda)
Pigunane Basa Krama lugu
Kanggo ngomong karo wong liya kang kalungguhan utawa drajate padha utawa wis kulina kanggo ngajeni.
Kanggo omongan karo wong liya kang kalungguhan utawa drajate luwih ngisor nanging durung kulina utawa wis kulina nanging pingin ngajeni.
Kanggo sesorah sing asipat umum, ora kanggo golongan tartamtu
Kanggo nulis karangan kang asipat umum, ora kanggo golongan tartamtu
Basa krama alus iku migunakake tembung-tembung krama kacampuran karo krama inggil utawa krama andhap. Tembung krama inggil kasebut digunakake kanggo wong liya minangka atur pakurmatan. Tembung krama inggil ora kena dianggo dhiri pribadi ananging nganggo krama andhap.
Tuladha basa krama alus.
Ngoko lugu : Pak Sariya mlaku-mlaku mampir ing omahe Mbak Sus.
Ngoko alus : Pak Sariya tindak-tindak pinarak ing daleme Mbak Sus.
Krama lugu : Pak Sariya mlampah-mlampah mampir ing griyanipun Mbak Sus.
Krama alus : Pak Sariya tindak-tindak pinarak ing dalemipun Mbak Sus
Tembung mlaku(n), mlampah (k), tindak(ki), Omah(n), griya (k), dalem(ki) Mampir (n) mampir (k), pinarak (ki)
Ngoko lugu : Ibu kepala sekolah gelem ngawaki dhewe ngupakara petamanan
Ngoko alus : Ibu kepala sekolah kersa nyalirani dhewe ngupakara petamanan.
Krama lugu :Ibu kepala sekolah purun ngawaki piyambak ngupakara petamanan.
Krama alus : Ibu kepala sekolah kersa nyalirani piyambak ngupakara petamanan
tembung: gelem (n), purun (k), kersa (ki) ngawaki (n), ngawaki (k), nyalirani (ki) dhewe (n) piyambak (k)
Ngoko lugu : Mbak Sahla mangan pecel ajange pincuk
Ngoko alus : Mbak Sahla dhahar pecel ambenge pincuk
Krama alus : Mbak Sahla nedha pecel ajangipun pincuk
Krama alus : Mbak Sahla dhahar pecel ambenganipun pincuk
Tembung : mangan (n), nedha (k), dhahar (ki) ajang (n), ajang (k) ambeng (ki)
Wewatone basa krama alus
tembung ngoko kang ana krama inggile diganti nganggo tembung krama inggil.
Tembung krama inggil kang magepokan karo dhiri pribadi ora dianggo.
Tembung krama inggil kang magepokan karo wit, kewan utawa liyane ora usah dianggo
Tembung kang oleh panambang lan ater-ater dikramakake
Pigunane basa krama alus
Kanggo ngomong karo wong kang kalungguhan utawa drajate padha nanging urmat kinurmatan.
Kanggo omongan karo wong kang kalungguhan utawa drajate luwih dhuwur.
Kanggo ngomongake wong liya kang diurmati
Kanggo sesorah ing swasana kang resmi utawa mbutuhake unggah-ungguh basa kang jangkep.
Kanggo ngripta sing perlu nggunakake unggah-ungguh kang jangkep.
Menawa wis ngerti apa sing diarani unggah-ungguh basa lan cak-cakane, para siswa uga bisa ngecakake unggah-ungguh basa menawa arep tetepungan. Kepiye ta sing diarani unggah-ungguhe menawa tetepungan? Mangga disemak.
a) Bab-bab wigati nalika tetepungan
1) Kanggo tetepungan antarane bocah karo bocah lumrahe cukup migunakake basa ngoko lugu.
Tuladha : “Ditepungake jenengku Nakula. Aku siswa kelas pitu A.”
2) Kanggo tetepungan marang wong kang luwih tuwa becike nganggo basa krama alus.
Tuladha : “Ndherek nepangaken, nama kula Nakula, griya kula Perumahan Indah asri blok setunggal.”
3) Kanggo wong tuwa marang bocah lumrahe migunakake basa ngoko alus.
Tuladha : “Ditepungake, bapak guru asmane Pak Oki, pidalem ing Perumahan Sekar Arum Blok pitu nomer siji.”
b) Tembung-tembung kang perlu di gatekake yaiku:
1) Aku basa kramane kula.
2) Jeneng basa kramane nama, krama inggile asma.
3) Kowe padha karo slira, basa krama sampeyan, krama inggile panjenengan.
4) Omah basa kramane griya, krama inggile dalem.
5) Tepung tegese wis kulina, wanuh, kenal.
6) Anak basa kramane anak, krama inggile putra.
7) Sedulur basa kramane sedherek.
8) Nyambut gawe basa kramane nyambut damel, krama inggile ngasta.
Tuladha Pacelahon Tetepungan.
Tetepungan
Dina sepisanan mlebu kelas ing taun ajaran anyar, mujudake dina kang anyar tumrape para siswa kelas pitu, amarga antarane siswa-siswa iku akeh kang padha durung tepung marang kancane, uga marang bapak ibu guru. Katon siswa anyar kang aran Santi marani siswa liyane kang lagi padha lungguhan ing emperan kelas saperlu tetepungan.
Santi : “Ditepungke, aku Santi. Aku siswa kelas pitu C. Jenengmu sapa?”
Sekar : “Jenengku Sekar. Aku ya kelas pitu C. Wah yen ngono awake dhewe sakelas ya?’’
Santi : “Wah kebeneran yen ngono. Ngomong-ngomong, kowe saka SD ngendi?”
Sekar : “Aku saka SD Kembang Putih. Yen kowe saka SD ngendi San?”
Santi : “Aku saka SD Bibis.”
(Durung tutug anggone padha tetepungan wis keprungu tembang ”Garuda Pancasila” saka kantor kang sumebar ing saben kelas minangka tandha mlebu kelas. Bu Ranti guru wali kelas wis katon tindak tumuju ing kelas pitu C. Para siswa enggal mlebu kelase dhewe-dhewe.)
Bu Ranti : “Sugeng enjang para siswa!”
(Kanthi bebarengan para siswa ing kelas iku padha mangsuli)
Siswa : “Sugeng enjang Bu!”
Bu Ranti : “Bocah-bocah, kanggo piwulangan kang sepisanan iki ora ana alane menawa bocah-bocah padha tetepungan dhisik jalaran mbokmenawa bocah-bocah padha durung tepung klawan siji lan sijine. Semono uga marang ibu guru!”
Siswa : “Inggih Bu! Leres..!”
Bu Ranti : “Iya bener kandhamu. Saiki luwih dhisik ditepungake, Ibu guru iki asmane Ibu Ranti genepe Hening Sih Miranti nanging para siswa kepareng ngaturi Bu Ranti ngono wae.”
Santi : “Nuwun sewu Bu guru, dalemipun pundi?”
Bu Ranti : “Ibu guru pidalem ing Perumahan Sekar Asri Blok sepuluh nomer siji! Jenengmu sapa Ndhuk, bocah pinter?”
Santi : “Ndherek nepangaken, nama kula Santi Tyas Utami, Bu. Griya kula Perumahan Giri Asri blok setunggal E nomer tiga. Kula saking SD Bibis.”
Bu Ranti : “Iya. Saiki ayo padha nepungake urut mbaka siji!”
Pitutur, piweling lan donga saka wong tuwa iku wigati banget tumrap para putra, jalaran bisa dadi sarana lancaring gegayuhan, bisa dadi sarana raharja lan tentrem. Mula aja lali kanggo para putra tansah nyuwun pamit marang wong tuwa saben arep lelungan menyang ngendi wae, kalebu menawa arep mangkat sekolah.
Bab kang kudu digatekake nalika para siswa pamitan:
1. Matur kanthi santun, tegese nganggo basa kang becik.
2. Patrape sopan kanthi ngadeg jejeg sirah ndhungkluk.
3. Praenan kang sumringah, aja mbesengut.
4. Tangane salaman sokur bage kanthi diaras.
5. Aja lali nyuwun dongane wong tuwa.
6. Ora kesusu.
7. Ora karo sembrana apa maneh cengengesan.
Tuladha Pacelathon Pamitan
Pamitan
Jam 06.15 WIB Galih wis rampung adus lan nganggo sragam sekolah kang wis disetlika mlithit. Galih banjur sarapan bareng karo bapak, ibu lan adhine sing jenenge Galuh. Sawise rampung sarapan Galih lan Galuh padha njupuk tas banjur pamitan marang bapak ibune. Galih ngajak salaman bapakne karo diaras astane.
Galih : “ Pak, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah. Kula nyuwun donga saha pangestunipun bapak!”
Bapak : “Iya Le, muga-muga sliramu tansah antuk keslametan lan lancar anggonmu sinau!”
Galih : “Matur nuwun Pak, paringipun donga.”
(Sawise iku Galih banjur pamit marang ibune dene Galuh uga mangkono.)
Galuh: “Kula ugi makaten Pak, Bu, keparenga kula nyuwun pamit rumiyin!”
Ibu : “Iya Ndhuk. Ngati-ati ing dalan!”
(Sapungkure bocah loro iku bapakne Galih uga banjur tata-tata budhal kerja, ora lali uga pamitan marang ibu.)
Bapak : “Wis ya Bu! Bapak uga dakbudhal nyambut gawe dhisik!”
Ibu : “Inggih Pak. Ngatos-atos!”
(Sawise garwane tindak nyambut gawe, ibune Galih tumuli nutup pager omahe sabanjure nerusake pagaweyane.)
Tembung – tembung Wigati
Tembung-tembung wigati adhedhasar teks pacelathon
1. Diaras tegese ditemplekake ing pipi utawa irung, diambung.
2. Bidhal tegese budhal, mangkat.
3. Sapungkure padha karo sarampunge, sawise.
4. Ndhuk, saka tembung gendhuk tegese sebutan kanggo anak wedok.
5. Kepareng tegese oleh, dililani.
Para siswa kudu ngerti wigatine wong aruh-aruh ing bebrayan. Aruh-aruh bisa nambah sedulur lan ngraketake paseduluran. Kejaba iku uga tandha menawa awake dhewe ngajeni marang liyan. Nanging menawa ora pas anggone ngetrapake unggah-ungguh basa nalika aruh-aruh, uga bisa nglarani atine sing diaruh-aruhi. Mulane kudu trep anggone milih tetembungan lan nglarasake kahanan. Umpamane marang sapa, ing ngendi, kepriye kahanane lan sapanunggalane. Ing ngisor iki tuladha-tuladha ukara kanggo aruh-aruh.
1. Nalika ing wayah esuk, kepethuk bapak utawa ibu guru bisa aruh-aruh kanthi ukara “Sugeng enjang, Bu!”, yen wayah awan kanthi ukara “Sugeng siyang, Pak!”, yen wayah sore kanthi ukara “Sugeng sonten, Bu!”.
2. Nalika ing warung kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Badhe mundhut menapa, Bu?”
3. Nalika ing dalan kepethuk bapak utawa ibu guru, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Badhe tindak pundi, Pak?”
4. Nalika ing ngomah ana tamu kepengin ketemu bapak utawa ibu, bisa aruh-aruh kanthi ukara “Nuwun sewu, badhe pinanggih sinten, Pak?”
Tuladha Pacelathon Aruh-Aruh
Aruh-Aruh
Jam pitu kurang seprapat, Sinta wus tekan sekolahan. Mlebu regol sekolahan dheweke tumuli salaman marang ibu kepala sekolah, kang jumeneng ing ngarep regol kanthi matur,”Sugeng enjang Bu”.
“Inggih, enjang” ngendikane ibu kepala sekolah kanthi polatan kang sumeh. Sinta nuli nerusake laku tumuju ing kelase. Ing ngarep kelas wis ana Renita, Nanang lan kanca liyane. Sinta nyalami kanca-kancane. Ora let suwe kanca-kanca liyane padha teka kabeh. Jam pitu pas keprungu tembang Gambang Suling, minangka tandha bel mlebu kelas. Para siswa padha mlebu kelase dhewe-dhewe. Esuk iku kanggo jam kapisan ing kelase Sinta piwulangan basa Jawa. Bu Ranti wis rawuh ing ing kelas. Para siswa uga wis tumata kabeh. Sinta minangka ketua kelas tumuli aweh aba-aba,”Kanca-kanca mangga ndedonga sesarengan”
Sawise sauntara wektu anggone ndonga Sinta nerusake, “Cekap” Sabanjure Sinta ngabani,”Atur salam”.
Kabeh siswa sakkelas banjur muni, “Sugeng enjang Bu!”Bu Ranti mangsuli, “Sugeng enjang”. Sawise iku piwulangan banjur diwiwiti.
Supaya slamet tekan papan kang dituju, wong mlaku becike uga nganggo tatakrama utawa sopan santun. Anggone mlaku prayoga tansah nggatekake aturan kang ana ing dalan. Saliyane iku wigati banget kanthi nganggo tepa salira. Aja mung mikir kaslametaning awake dhewe, nanging uga ngelingi kaslametaning wong liya. Ing ngisor iki bab kang kudu digatekake nalika mlaku ana ing dalan:
1. Mlaku turut pinggir sisih kiwa.
2. Jejer paling akeh loro.
3. Ngati-ati ngawasake kiwa tengen.
4. Ora karo bengok-bengok.
5. Ora sinambi gojegan utawa dolanan HP.
6. Ora kena sinambi mangan utawa ngombe.
7. Menawa mlaku bareng kakung putri prayogane sing putri ing sisih kiwane kakung.
8. Mlaku ing sangarepe wong tuwa kanthi alon, awak rada mbungkuk, karo matur “Nuwun sewu, kepareng ndherek langkung”.
9. Mlaku nglancangi wong tuwa kanthi matur “Nuwun sewu, kepareng kula rumiyin”.
10. Tatakramane numpak kendharaan ing dalan:
a. Layang-layang kang lengkap, kayata SIM lan STNK.
b. Numpak montor nganggo helm kang standar.
c. Numpak kendharaan rodha papat nganggo sabuk pengaman.
d. Boncengan ora luwih saka loro.
e. Kendaraan lengkap kayata, lampu, spion, klakson, rem, knalpot standar.
f. Numpak sepedha ora kena jejer luwih saka loro.
g. Manut pranataning lalulintas.
Tuladha tatakrama mlaku ing dalan
Sawise pamitan marang wong tuwane, Sinta banjur mangkat sekolah. Anggone menyang sekolah mung mlaku, jalaran omahe Sinta ora adoh saka sekolahane udakara telung atus meteran. Metu saka pager omahe, lakune Sinta mangidul liwat ngarep daleme Bu Handaya. Kaleresan wektu iku, Bu Handaya lagi lenggahan ing teras ngarep. Nalika pas liwat ngarep daleme Bu Handaya, Sinta aruh-aruh kanthi matur,”Nuwun sewu, Bu. Kepareng ndherek langkung”. Kanthi awak rada mbungkuk, sirahe manthuk, lan polatan kang sumeh. Bu Handaya mangsuli,”Mangga”. Sinta nerusake lakune. Ora adoh ing ngarepe, katon Bu Lilis sajak saka warung, ketitik anggone ngasta plastik kresek kanthi pating greweng. Tindake Bu Lilis mung alon-alon, mbok menawa sajak karo olah raga. Sinta arep nglancangi Bu Lilis, mula dheweke nuli matur,”Nuwun sewu Bu, kepareng kula rumiyin!” Bu Lilis mangsuli, “Mangga mbak Sinta”.
Lakune Sinta tekan prapatan. Ing prapatan Sinta kepethuk kanca-kancane kang uga arep mangkat sekolah. Sinta lan kancane padha salaman lan nerusake lakune. Anggone mlaku nurut pinggir sisih kiwa. Bocah-bocah iku mlaku jejer loro. Sadalan-dalan lakune padha ngati-ati ora ana kang gojegan, apa maneh dolanan HP. Ora suwe lakune wis tekan ngarep sekolahan. Ing ngarep regol sekolahan wis katon jumeneng Bapak Kepala Sekolah lan Ibu Yasinta guru basa Jawa, saperlu nyalami para siswa kang pada teka.
(Nada lagu kalau kau suka hati)
Yen kowe diparingi maturnuwun (Prok prok prok )
Yen duwe luput matur pangapunten (Prok prok prok )
Yen arep njaluk tulung mature nyuwun tulung (Prok prok prok )
Yen arep lewat matur ndherek langkung (Prok prok prok )