Sumber: Instagram @_dudihermawan
Sumber: Instagram @_dudihermawan
Pacelathon asal saka tembung lingga “celathu”. Tegese omongan utawa guneman. Pacelathon yaiku omong-omongan antarane wong loro utawa luwih. Nalika omong-omongan, yen nggunakake basa Jawa kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Basa kang digunakake kudu laras karo sapa sing guneman lan sapa sing diajak guneman. Wujude unggah-ungguh basa iku ing antarane ana ngoko lan krama.
A. BASA NGOKO
Ragam basa ngoko kaperang dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
Ngoko iku basa kang tembunge migunakake tembung ngoko. Lumrahe ukarane gampang dingerteni. Basa ngoko digunakake:
Omong-omongan antarane kanca karo kanca sing wis kulina lan akrab.
Wong tuwa marang sing luwih nom, upamane guru marang murid, bapak utawa ibu marang putrane, lan mas/mbak marang adhine.
Kanggo pawarta, medharake gagasan (artikel), lan crita ing kalawarti/ majalah.
Kanggo sesambungan kang sipate umum, kayata wara-wara lan iklan.
Tuladhane:
Kowe mau saka ngendi?
Aku ora sida nonten konser.
2. Ngoko alus, yaiku tembung-tembunge ngoko kecampuran tembung krama. Tembung-tembung krama iku kanggo wong liya, dene tembung-tembung ngoko kanggo awake dhewe lan wong liya kang ora perlu migunaake basa krama amarga wis raket anggone kekancan utawa umure sangisore. Ngoko alus iku digunakake ing:
Omong-omongan karo wong kang statuse padha, nanging kanthi rasa ngurmati.
Omong-omongan karo wong kang statuse luwih dhuwur, nanging wis raket banget.
Omong-omongan karo wong kang statuse saperangan luwih dhuwur nanging saperangan luwih cendhek.
Kanggo ngrasani utawa nggunem wong kang statuse utawa umure luwih dhuwur.
Tuladhane:
Coba kana mundhuta pirsa, Bapak karo Ibu arep ngersakake dhahar apa?
Panjenengan apa ora tau tindak mrana?
Kang dikramainggilake ing basa ngoko alus diperang kaya ing ngisor iki. Dene panambange (akhirane) tetep ngoko, yaiku:
Perangane awak, tuladhane sirah (mustaka), tangan (asta), weteng (padharan), sikil (samparan).
Tuladha:
Astane Simbah rada kesleyo, dene lan samparane Ibu mung tatu sithik.
Tembung kriya (kata kerja), tuladhane mangan (dhahar), nggawa (ngasta), lunga (tindak).
Tuladha:
Bapak dhahar bakso, dene Ibu ngersakake ngunjuk degan wae.
Tembung sesulih (kata ganti), tuladhane kowe (panjenengan) lan dheweke (panjenengane).
Tuladha:
Panjenengane wis pirsa yen ana kedadeyan kuwi.
Tembung aran sing dadi duweke sing diurmati, tuladhane: bojone (garwane), anake (putrane), lan sandhangane (agemane).
Tuladha:
Olehe rawuh, Pak Bondhan sagarwa lan putrane.
Agemane Bapak isih-apik tur arang diagem.
B. BASA KRAMA
Krama lugu ing tatarane tembung jaman saiki mapan ana ing tengah, antarane ngoko lan krama inggil. Tembung-tembung ngoko kang ana tembung kramane, dikramakake. Tembung-tembung kang sesambungane karo awake dhewe lan ana tembung kramane, uga dikramakake. Basa krama iku digunakake kanggo:
Omong-omongan karo wong kang statuse kurang luwih padha, wis kulina, padha-padha ajen-ajenan, nanging ora kurmat banget.
Omong-omongan karo wong kang statuse luwih cendhek utawa wis kulina nanging pancen niyat arep ngurmati.
Nerangake bab apa wae kang sipate umum.
Nulis kang sipate umum.
Tuladhane:
1) Sedaya tiyang menika kedah mangertos dhateng tugas lan kewajibanipun piyambak-piyambak.
2) Sasampunipun sami wangsul, boten wonten ingkang nyukani pambiyantu dhateng piyambakipun.
Krama alus wujude tembung-tembung krama. Ater-ater lan panambang uga krama. Tembunge krama inggil tumrap wong kang diajak omongan. Basa krama alus gawe swasana kang kurmat banget. Cak-cakane:
Wong nom marang wong tuwa, murid marang guru, uga rewang karo bendarane.
Kanggo omong-omongan karo wong kang statuse kurang-luwih padha, padha-padha banget kurmat-kinurmatan amarga ora utawa durung kulina. Yen nyebut awake dhewe, lumrahe nganggo tembung krama.
Kanggo sesorah kang swasanane perlu unggah-ungguh kang jangkep, tuladhane panatacara.
Kanggo nulis kang perlu migunaake unggah-ungguh basa jangkep tumrap para kang maos.
Tuladhane ing sekolahan:
1) Yen kowe didhawuhi bapak/ibu guru njupukake buku ing meja, aturmu marang bapak ibu guru kepriye?
2) “Nuwun sewu, Bu, kula dipunutus Pak Setyawan kapurih mendhetaken bukunipun ing meja. Matur nuwun.”.