Iklan utawa pariwara kalebu babagan sing ora asing ing tengahing masarakat. Wis meh saben wektu kita asring nemoni iklan ing ngendi wae lan kapan wae. Apa maneh ing media sosial sing wis dadi cekelane masarakat umume. Iklan yaiku sawijining informasi arupa promosi ngenani barang lan jasa kang ditujukake marang wong akeh lan nduweni tujuan supaya pada meloni apa sing di promosiake.
Pariwara utawa iklan iku wujud sesambungan kang nduweni teges kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa jasa, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepane sing masang pariwara.
Iklan kalebu sawijining komunikasi kang nduweni maksud utawa tujuan tartamtu. Kang dadi tujuan utama iklan yaiku nawakake utawa mromosikake barang lan jasa marang wong akeh umum liwat werna-werna medhia panyampean, kayata televisi, radhio, koran, medhia online, papan reklame lan liya-liyane. Kejaba iku iklan uga nduweni tujuan liya, ing antarane yaiku:
Ngunghadake dodolan Salah siji tujuane iklan yaiku ngundhakake dodolan kang arupa barang utawa jasa. Saya akeh sing ngerti anane produk sing diiklanake saya akeh kemungkinane wong pada nganggo produk kasebut. Mula mestine dodolan uga sansaya mundhak.
Narik langganan (konsumen) Tujuan liyane saka iklan yaiku bisa narik langganan. Wis dadi padatan iklan anggone promosi barang utawa jasa, mesthine uga nunjukake kaluwihan lan mupangate barang utawa jasa kasebut. Mula bakal saya akeh konsumen sing ketarik marang produk sing diiklanake.
Nyebarake informasi produk Salah sijine sing tujuan utama iklan yaiku nyebarake informasi produk marang konsumen supaya padha ngerteni anane produk kasebut saengga nggawe gampang konsumen/masarakat anggone milih lan nemtokake barang utawa jasa sing bakal digunakake.
Iklan utawa pariwara mestine bedha karo jenis publikasi liyane. Titikan utawa ciri-ciri iklan sing umum yaiku asipat informatif lan bisa njlentrehake produk utawa jasa kanthi efektif. Kejaba iku, iklan uga nduweni titikan kaya ing ngisor iki:
Cekak, cetha lan salugune Iklan nduweni ukara sing singkat, cetha, lan uga salugune. Pamilihing tembung ing jroning ukara ora kena kedawan-dawan supaya pesen utawa kekarepane bisa ditampa kanthi becik lan gampang anggone dipahami marang wong akeh. Anggone milih tembung utawa diksi uga kudu narik kawigaten lan migunakake tetembungan kang trep. Kejaba iku, ukarane uga ora ngandhut sindhiran, sing bisa nyinggung pihak-pihak tartamtu. Mula becike iklan iku kudu jujur lan objektif.
Persuasif Iklan nduweni sipat persuasif, tegese kudu bisa mbujuk lan ngajak-ajak supaya padha ketarik marang apa sing diiklanake. Umume wujud ukara pangajak jroning iklan digawe kanthi langsung utawa ora langsung.
Informatif Ciri sing umum saka iklan yaiku asipat informatif, tegese iklan kudu ngamot informasi babagan produk utawa jasa lan mupangate. Kejaba iku informasi babagan perusahaan lan papan konsumen bisa antuk barang lan jasa sing diiklanake uga wigati.
Gampang dimangerteni lan narik kawigaten Sansaya nduweni daya tarik uga gampang dimangerteni isine sarta nduweni kesan kanggo nyoba produk utawa jasa kang ditawakake.
Nduweni target Iklan kudu nduweni target pasar tartamtu kang jumbuh karo produk sing ditawakake. Target pasar bakal ana pengaruhe kaya apa pesen kang bakal digawe. Kayata tuladhane pengusaha batik nawakake produk batik, mesthine bakal nggawe iklan sing ana gegayutan karo model klambi batik ora nggawe iklan model klambi liyane.
Jinise iklan kaperang dadi telung warna, yaiku iklan adhedhasar isine, iklan adhedhasar tujuane lan iklan adhedhasar medhiane.
1. Jinise Iklan Adhedhasar Isine
Jinise iklan adhedhasar isine bisa dibedakake ana telu, yaiku:
a. Iklan Penawaran utawa Niaga
Iklan penawaran utawa niaga kalebu jinis iklan sing aweh informasi ngenani penawaran saka produsen babagan sawijining barang utawa jasa. Iklan iki mburi kerine nggawe pawongan ketarik kanggo nggunakake produk utawa jasa sing ditawakake kasebut.
**Tuladha iklan penawaran utawa niaga**
b. Iklan Pengumuman utawa Wara-Wara
Iklan pengumuman utawa wara-wara kalebu jinis iklan sing isine menehi ngerti marang wong akeh ngenani samubarang bab kang arupa kagiyatan kang bakal kalaksanan. Tuladhane iklan wara-wara seminar ing kampus, iklan pamilihan ketua osis, lan liya-liyane.
**Gatekna tuladha iklan wara-wara ing ngisor iki!**
c. Iklan Layanan Masarakat
Iklan layanan masarakat ing dasare ndhuweni tujuan kang cetha kanggo aweh dorongan marang masarakat supaya nglakoni tumindak becik sajroning bebrayan ing masarakat. Tuladhane yaiku iklan ngenani njaga karesikan, iklan kuwajiban mbayar pajak, iklan mbendung sumebaring virus corona lan liya-liyane.
**Gatekna tuladha iklan layanan masarakat ing ngisor iki!**
JENISE PARIWARA
Jinise Iklan Adhedhasar Tujuane
Kaya dene sebutane, iklan iki ana gandheng cengenge karo kagiatan bisnis. Iklan komersial nduweni tujuan sing cetha yaiku ningkatake hasil penjualan sawijining produk utawa barang saengga mikolehi bathi sing luwih gedhe.
Iklan komersial digawe biyasane kanggo tujuan golek bathi saka bisnis lan uga citra produk, jasa lan perusahaan. Tujuan liya saka iklan iki yaiku supaya sawijining produk utawa jasa bisa dingerteni kanthi becik saengga bisa dipercaya lan diakui kabenerane.
Tujuane kanggo dodolan barang utawa jasa. Contone: pariwara panganan, sandhangan, utawa tiket pesawat.
Tujuane kanggo menehi informasi utawa ajakan marang masarakat supaya nindakake tumindak positif. Contone: pariwara babagan bahaya narkoba, njaga lingkungan, utawa ajakan milih ing Pemilu.
Miturut Media
Iklan media cetak ora nduweni elemen audio apadene video, ananging arupa gambar lan tulisan. Iklan media cetak biasane bisa ditemoni ana ing majalah, tabloid, koran, brosur lan spanduk.
Iklan sing ditayangke liwat televisi, radio, utawa bioskop.
Iklan sing ditampilake ing internet, media sosial (Instagram, TikTok), utawa YouTube.
Pariwara sing apik biyasane nduweni struktur sing ringkes nanging lengkap:
Judul/Irah-Irahan (Headline): Bagian paling dhuwur sing kudu narik kawigaten wiwit sepisanan maca utawa ndeleng. Judul iki kudu unik lan nggugah rasa penasaran.
Isi/Deskripsi (Body): Bagian iki isine njlentrehake babagan produk utawa layanan sing diiklanke. Deskripsi kudu jelas lan nyenengake.
Nama Produk/Merek (Brand Name): Jeneng produk utawa perusahaan sing diiklanke.
Slogan: Ukara cekak sing gampang dieling-eling lan makili ciri khas produk utawa merek kasebut.
Kontak/Informasi Tambahan (Call to Action): Informasi babagan carane tuku produk utawa njaluk layanan. Bisa arupa alamat, nomer telepon, utawa akun media sosial.
Iklan yaiku metode sing wis dipercaya bakal ngundhakake dodolan sawijining barang utawa jasa, paling ora masarakat wis ngerti anane barang utawa jasa sing diiklanake. Nanging supaya iklan bisa luwih narik lan aweh dampak luwih gedhe kudu nduweni unsur-unsur iklan, antarane yaiku:
Arane Produk Arane produk dadi perkara kang wigati supaya produk kasebut nduweni identitas. Biyasane arane produk kudu nduweni aran kang unik supaya gampang dimangerteni dening masarakat.
Gambar kang Becik Kanggo nambah daya tarik iklan, luwih becik diimbuhi gambar produk sing apik. tujuane supaya pesen lan apa sing dikarepake saka iklan kasebut bisa luwih gampang ditampa dening masarakat.
Ukara Iklan Kejaba migunakake ukara persuasif, ukara iklan sing apik uga migunakake ukara deskriptif, tegese ukara kasebut bisa nggambarake kanthi cetha apa sing diiklanake. Basa kang digunakake uga migunakake basa sing gampang dipahami supaya masarakat luwih ketarik nggunakake produk kasebut.
Kaluwihane Produk Iklan sing apik uga kudu bisa nunjukake kaluwihan produk kanthi cetha, tujuane supaya iklan luwih bisa dipercaya saengga saya akeh sing nggunakake produk kasebut.
Rega Produk Aja nganti lali, rega produk uga perlu disebatake ing sajroning iklan barang utawa jasa sing bakal ditawakake. Rega produk nggawe gampang konsumen nemtokake produk kasebut jumbuh karo kabutuhane apa ora.
Nomer Telepon lan Alamat Nomer telepon sing bisa dihubungi lan alamat bisa dituju kanggo bisa oleh barang utawa jasa sing bakal dituku utawa sing dikarepake.
Kaya sing wis diandharake ana ing perangan pangerten iklan, bisa ditegesi minangka sawijining pesen kang nawakake sawijining produk utawa jasa kanthi target tujuane yaiku masarakat minangka konsumen sing ngerti anane sawijining produk utawa jasa kang ditawakake. Bedane karo wara-wara biasa, iklan kudu luwih bisa mbujuk marang masarakat/konsumen supaya pada ketarik utawa nukoni produk utawa jasa kang ditawakake. Ing ngisor iki yaiku kagunane iklan.
Minangka Informasi Yaiku aweh ngerti marang masarakat ngenani anane sawijining produk anyar, ciri-ciri saka produk kasebut lan liyane.
Minangka Persuasi/pangajak-ajak Yaiku nduweni maksud supaya konsumen/masarakat pada ketarik tuku utawa nggunakake produk lan uga jasa kang ditawakake kasebut.
Minangka Reminder/pengeling Iklan bisa nggawe wong kelingan marang produk-produk tartamtu supaya bisa nggunakake produk-produk sing diiklanake kasebut.
Tuladha Pariwara Basa Jawa
Pariwara Produk Makanan
Judul: Luwih Krenyes, Luwih Maregi!
Isi: Lagi lungguh-lungguh pengen ngemil sing seger lan enak? “Kripik Mbok Minah” solusine! Kripik sing digawe saking tela pilihan. Rasane gurih, legi, lan pedhes dadi siji. Dijamin ketagihan!
Slogan: Kripik Mbok Minah, Kancane Nyantai Sing Paling Mantap!
Kontak: Tuku saiki ing Toko Klontong Pak Bardi utawa pesen liwat WhatsApp: 0812-3456-7890.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi ringkes lan bener!
Apa sing diarani pariwara utawa iklan?
Sebutna 2 (loro) jinis pariwara miturut isine lan jlentrehna!
Coba sebutna 3 (telu) perangan utawa struktur pariwara!
Apa bedane pariwara komersial lan pariwara layanan masarakat? Wenehana conto saben-saben!
Gawea siji contoh slogan sing unik kanggo produk minuman “Es Teh Seger Mantap”.