KEMBALI KE MENU KBM GO!
3.2. Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi informasi dari teks laporan hasil observasi secara lisan dan tulis
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Laporan asil observasi sing ditindakake saka asil olehe ndeleng-ndeleng dhewe ing papan lokasi sing diobservasi diarani …
2.Laporan asil observasi sing isine saka asil wawancara utawa katrangane saka narasumber diarani …
3.Perangane struktur teks laporan asil observasi sing isine andharan umum ngenani bab-bab sing diobservasi diarani …
4.Perangane struktur teks laporan asil observasi sing isine ngenani andharan khusus ngenani isi utawa apa wae sing wis diobservasi diarani …
5.Perangane struktur teks asil observasi sing isine ngenani andharan ngenani apa guna paedahe nganakake observasi kasebut diarani …
3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks cerita secara lisan dan tulis.
Ayo maca crita ing ngisor iki!
Manggis
Manggis iku sajenis wit ijo langgeng saka laladan tropika sing diyakini asale saka Kapuloan Nusantara. Dhuwure wite bisa nganti 7 tekan 25 meter. Wohe uga diarani manggis, awerna abang rada ungu nalika mateng, sanadyan ana uga varian sing kulite awerna abang. Woh manggis sajeroning perdagangan ditepungi minangka ratu woh, minangka pasangan duren, si raja woh. Manggis isih sakerabat karo kokam, asem kandhis lan asem gelugur, rempah bumbu pawon saka tradisi boga India lan Sumatra.
Manggis bisa thukul ing dhataran cendhek nganti laladan kang dhuwure 800 meter saka permukaane banyu segara. Curah udan kang pas kanggo ngrembakake manggis yaiku antarane 1500-2500 mm/taun kanthi periode basah 6 wulan. Lemah kang apik kanggo nandur manggis yaiku ing lemah kang subur lan akeh bahan organik. Lemah iku uga duwe aerasi kang apik. Jinis lemah kang bisa minangka nandur manggis yaiku tanah lanah kang rada berat nganti lanah kang ringan. Bibit manggis bisa diterangake kanthi cara “vegetatif” yaiku kanthi cara sambungan utawa “enten”. Buah manggis bisa langsung dipangan dadi buah seger lan uga bisa diolah dadi buah kaleng. Saliyane iku manggis uga bisa digawe sirup utawa sari buah. Manggis uga bisa dadi obat tradisional kanggo nambani lara sariawan, wasir, lan borok. Manggis ngandhut vitamin C kang cacahe akeh. Kulit manggis bisa dimanfaatake kanggo pewarna. Tuladhane pewarna kanggo tekstil. Banyu godhogan kulit manggis uga bisa kanggo obat tradisional. Manpaat liyane yaiku ing wit manggis. Wit manggis bisa dianggo dadi kayu bakar, lan kanggo bahan yasan. Saliyane iku wit saka woh kang wernane putih iki bisa digawe kerajinan tangan kayata kanggo asesoris, rerenggan dinding utawa rerenggan kanggo dekorasi ruangan.