Langkung rumiyin kawulo ngajak dumateng panjenengan sami ugi dumateng pribadi kawulo piyambak, sumonggo soyo tambahipun yuswa kita tambah anggen kita taqwa wonten ngarsanipun Allah swt. kanthi nindakaken dhawuh-dhawuh ipun lan nilar sedoyo awisanipun. Allah swt. dhawuh :

Sumonggo kita tansah naliti kanti saestu lampah kita saben dintenipun, sedoyo samukawis bab ingkang tebih saking ketaatan dateng Allah lan Rasulullah sageta enggal kita tebihi. Kagantos kanthi tindak lampah ingkang midherek dhawuhipun Allah swt. :


Download Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa Pdf


Download File 🔥 https://bytlly.com/2yGbsh 🔥



Sedherek-sedherek kita ingkang wekdal meniko nembe ngestokaken timbalanipun Allah nindak-aken ibadah haji, ing tangggal 9 Dzulhijjah kolo wingi sami makempal ing padang Arafah saperlu nindakaken wukuf, kawiwitan milai saking awal wekdal dhuhur dumugi wekdal maghrib. Kalajengaken ing dalunipun nyipeng wonten Muzdhalifah ngantos enjing wekdal fajar tanggal 10 Dzulhijjah, lajeng tindak dhateng Mina nindakaken balang jumrah.

Perlu kaaturaken bilih wukuf ing padang Arafah meniko minongko intinipun ibadah haji. Sedoyo ngagem kain ihram, kados dene kain kafanipun jenazah, ngemutaken dateng kita bilih kita sedoyo badhe sedo, kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah swt. lan badhe kakempalaken ing padang mahsyar nampi pengadilanipun Pengeran ingkang Moho Adil.

Wukuf ing Padang Arofah sedoyo sami mboten bekta menapa-menapa, sami khusyuk maos dzikir, maos Al-Quran, maos shalawat, takbir, tahmid, tasbih, istighfar, lan munajat, nglenggana sedoyo rumaos dosa sami sesenggukan, nuli pasrah, nyuwun pangaksama ngajeng-ajeng kawelasan lan rahmat saking ngarso dalem Allah swt. Wonten swasana mekaten, sedoyo pepaes kandonyan kados dene pangkat jabatan, kasugihan, asal keturunan lan sanes-sanesipun sami ical mboten wonten ajinipun. Saestu ngemutaken dumateng kita bilih yektosipun kita minangka manungsa ing ngarsanipun Allah meniko sami drajatipun, ingkang bentenaken namung kadar ketaqwaan nipun.

Saktemene Rasulullah saw. dipun suwuni pirso ganjarane puasa ono ing dino Arofah? Rasulullah jawab : Puasa arafah iku bisa mbusek dosa rong tahun, yaiku setahun kepungkur lan setahun kang bakal tumeka (HR Muslim).

Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing meniko kita sami kempal manunggal saperlu taqorrub ilallah, nyelak wonten ngarsanipun Allah, kanthi ngathah-ngathahaken maos takbir, tahlil, tahmid, tasbih lan nindakaken shalat idul adha.

Dene tumrap ingkang mampu kalajengaken nindakaken ibadah qurban inggih puniko mragat menda utawi lembu lan nasharruf-aken dagingipun dateng para fakir-miskin lan sedherek sanesipun. Mragat hewan Qurban katindakaken ing dinten meniko utawi ing dinten tasyrik tanggal 11,12,13 Dzulhijjah

Naliko Nabi Ismail sampun pasrah badhe kasembeleh. Nabi Ibrahim enggal nindakaken dhawuhipun Allah. Gegaman ingkang sampun kaasah landep, tumuli kabelehaken ing jangganipun Ismail, ananging boten tedas. Subhanallah!!! Saknaliko, Malaikat Jibril rawuh lan nggantos Ismail kanthi mendo kibas. Tumuli malaikat Jibril ngendika bilih Nabi Ibrahim lan putranipun Ismail sampun lulus ujianipun, lan Ismail mboten perlu kasembeleh, cekap mendo ingkang kaasta malaikat Jibril kolowau ingkang dipunsembeleh, minangka gantosipun.

Qurban ingkang kita tindakaken minangka tanda syukur wonten ngarsanipun Allah. Minangka bukti ketaaatan wonten ngarsanipun Allah. Kados katerangan ing surah Al Hajj ayat 37 ingkang artosipun: Allah ora nampa daging lan getihe qurban. Ananging Allah nampa ketaqwaan siro kabeh.

Ibadah qurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah muakkad. Milo saking meniko para sederek ingkang mampu ampun ngantos eman-eman bandhanipun kangge nindak-aken ibdah qurban meniko, jalaran kathah hikmahipun.

Sepindah: Sumonggo kita tansah nyembelih sifat-sifat hewan ingkang mbok bilih tumanduk wonten ing manah kita. Hewan meniko gesangipun mboten mawi tuntunan, mboten wonten dhawuh lan larangan. Sifat hewan ingkang mekaten meniko kedah dipun sembelih, kita icali saking manah kita. Bilih kita gesang meniko mboten saget sak kajengipun piyambak kados hewan, ananging kedah mawi tuntunan inggih puniko Al-Quran lan Al-Hadits. Bilih kita gesang meniko kedah ngestokaken dhawuh lan nilar larangan ipun Allah.

Hikmah kaping kalih : Hewan meniko menawi sampun cekap kabetahan biologi-nipun, pakan, komboran, sampun rumaos remen lan cekap gesangipun. Kita minongko manungsa, mboten cekap namung betahipun kadunyan kemawon, ananging kedah pados cekapipun kampung akhirat, ingkang supados saget wilujeng bahagia salami-laminipun. 152ee80cbc

telugu news movie download

narcos mexico season 2 episode 7 english subtitles download

can you download itv hub on kindle fire