CERITA RAKYAT‎ > ‎

CERITA RAKYAT KA-1

ASAL USUL DAERAH TRENGGALEK

 

1. RARA AMIS.

M

iturut riwayat, ing sawijine dhaerah sakulone kadipaten Alas-alis, ana sawijine padhepokan cilik. Wilayah kuwi kagolong tandhus. Sawatara sing dadi pinituwane padhepokan sawijine priyayi sekti mandraguna kanthi sebutan  Ki Ageng.

                  Masia alas isih ketel, ananging dhaerah kiwa tengene padhepokan kono yen wanci ketiga dawa, isih angel golek banyu, utamane kanggo irigasi. Padhepokan kang dipimpin dening Ki Ageng  mujudake  padhepokan kang nggilut agama islam. Miturut riwayat, para santri sing sinau agama islam ing padhepokan oleh ilmu syare'at, ilmu tarekat lan ilmu hakekat ma'ripat kanthi sampurna. Pancen ki Ageng mujudake tokoh agama islam kang banget misuwur wektu kuwi. Wajar yen akeh para santrine kang asale saka dhaerah liya kang wektu samana isih akeh kang nggilut agama hindu.                  "Pangeran kang Maha Kuasa maringi dalan slamet marang kita. Salah siji dalan kuwi ana wolung tahapan sing kudu mbok lakoni. Yaiku: Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"  Kaya mangkono sesorah kang saben-saben tansah diwulangake, Ki Ageng menyang para santrine         

                  Ing satengah-tengahe Ki Ageng mulang para santrine, dumadakkan ana pawongan loro kang muncul saka regol padepokkan. Sing siji lanang, dene sijine wadon. Sajake sing wadon kuwi mau nembe  nandhang lelara. Merga larane mau, ganda amis lan bacin nyrambahi pendhapa padhepokkan. Tanpa dikomandho, kabeh kang ana pendapa kono padha nutup irunge dhewe-dhewe  nalika wanita kuwi nyedhak lan lungguh timpuh ana sangarepe Ki Ageng.

                  "Menapa kula dipun keparengaken ngadhep, Ki Ageng?," wong lanang kang lungguh ing sacedhake wanita mau mbukani rembug.

                  "Kowe wus ana sangarepku. Geneya isih ndadak takon. Apa sing mbok karepake? "

                  "Nyuwun pangapunten ingkang ageng, Ki Ageng, Kula salah setunggalipun utusan saking praja Majapahit. Dene dumugi papan mriki awit saking ngemban dhawuhipun sang Prabu. Dipun utus nyowanaken pun Raden Ayu Saraswati, utawi Raden Ayu Rara Amis."

                  "Geneya Sang Prabu kudu nitipake Rara Amis menyang aku?"

                  "Miturut wisik ingkang dipun tampi piyambak dening  Sang Prabu, Rara Amis ingkang nandhang gerah gatel menika bakal mantun menawi dados muridipun, Ki Ageng ..."

                  "Oooo..... dadi kaya mangkono ta kersane, ora dadi apa dak tampa kapercayane sang prabu kanthi seneng...."

                  “Inggih matur nuwun….”

                  "Kanggo kowe, Rara Amis, Gusti kang murbeng dumadi iki ora bakal nyiksa kawulaNe. Umpama kaya mangkono, mung kawula kuwi dhewe kang nduweni sifat aniaya menyang badane dhewe. Mula kowe aja putus asa, kabeh penyakit sing dikirimake mesthii Gusti bakal maringi obate. Aja kendhat anggonmu nyuwun menyang Gusti supaya panandhangmu kuwi enggal mungkur..."

                  "Matur nuwun, Ki Ageng. Sedaya pitedah, Ki Ageng badhe kula lampahi."

                  "Syukur yen kaya mangkono, sesuk esuk enggal kungkuma kowe menyang kali Bagong. Aja kendhat-kendhat anggonmu kungkum, yen durung waras panandhangmu."

                  "Badhe kula lampahi sedaya pitedahipun, Ki Ageng. Senadyanta awrat kados menapa "

                  "Merga tekadmu mau, InsyaAlloh Gusti enggal maringi apa kang dadi kekarepanmu. Mula saiki menyanga mburi, sesuk esuk sadurunge srengenge mlethek kowe kudu wis kungkum ana kali Bagong...." 

                  Lakune enggal digelak, daya-daya enggal tekan sapinggire kali Bagong. Sadawane ratan, akeh wong kang nyumpet irunge nalika wong-wong mau simpangan karo rara Amis. Merga ora kuwat mambu ganda amis lan badheg. Kabeh mau dadi panalangsane rara Amis. Eluhe mbrebes mili nalika ngawruhi kanyatan kang diadhepi.

                  “Dhuh Gustiiii….. nyuwun pangapunten ingkang ageng….” Mngkono sambate rara Amis jroning batine kang remuk-rempu.

                  Oleh sawatara dina anggone kungkum, pranyata penyakit kang disandhang isih durung ana tandha-tandha waras. Kepara sakojor awake  kang  kebak nanah mau mlempuh merga kesuwen kena banyu. Rasa perih lan gatel sumrambah menyang sarandhune awak. Anggone nahan rasa perih lan gatel mau, lambene digeget. Anggane kang wis ringkih, malah saya lemes. Ing kahanan kang kaya mngkono mau, kawetu ucape nggawe patembaya. Sing sapa bisa marasake lelarane kang disandhang, yen lanang bakal disuwitani, dene yen wadon bakal diaku sedulur sinarawedi.

                  Mandi ucape, patembaya mau, dumadakan keprungu swara jumlegur. Angin sumiyut banter. Bledheg nyamber-nyamber ing wanci bedhug ndhrandhang. Sawuse kabeh bali lerem kaya biasane, dumadakan saka arah lor ana pawongan pidhegsa mlaku nyedhaki panggonane rara Amis kang wis ilang kuwandane.

                  “Apa slirane kang nembe bae nyebar patembaya mau, Nimas?”

                  “Bener, Ki Sanak. Penjenengan sapa dene ujug-ujug ngadeg ana sangarepku?”

                  “Wong-wong kiwa tengen kene ngundang jenengku, Ki Sraba. Yen dililani, aku bakal melu patembayamu…”

                  “Mangga-mangga. Aku ora bakal mblenjani janjiku…”

                  Ki Sraba enggal nyedhaki sing lagi kungkum. Naliti sedhela. Banjur tangane enggal sedhakep. Musatake pikiran, nyawijekake cipta lan karsane, nyuwun menyang pangeran kang gawe urip supaya bisa nambani lelarane rara Amis.

 



 

 

 

 


2. BAJUL PUTIH.

    S

awatara wektu suwene ki Sraba anggone ngeningake cipta, sawise rampung, kanthi trengginas rara Amis enggal diangkat saka sanjerone banyu kedhung. Banjur anggane rara Amis kang lemes dhengkles mau disendhekake ana poke wit preh kang gedhe sing ngeyupi papan kono. Banjur  tanpa nduweni rasa gila babar pisan, sekojor awak kang kebak nanah lan mala mau enggal didilati kabeh blas ora ana kang kliwatan. Nalika semana wektune wis manjing asar, Ki Sraba nembe leren anggone ndilati anggane Saraswati ya rara Amis. Lan ajaib, sanalika kuwi penyakit kang njijikake mau waras. Kulit kang maune kabak mala bali kaya wingi uni. Kuning mrusuh lan angganda arum. Saraswati malih saya ayu. ( Jare sawuse kedadeyan kuwi, ing dhaerah kono tau ana tabib kang kondhang  nambani lelara kanthi didilati.)

                  Sanalika rasa seneng lan sumringah nyrambahi atine, Saraswati. Ora leren-leren anggone tansah ngelus-elus sarandhune awake, nganti lali marang pawongan kang nembe menehi pitulungan.

                  Sawuse kesadharane bali pulih, enggal-enggal rara Amis sujud lan ngambungi sikile ki Sraba sing isih ngadek ana sandhinge.

                  "Matur suwun, ki Sraba. Panjenengan pantes nampi patembaya kula. Mangga kita sesarengan sowan ing ngarsane, Ki Ageng. Nyuwun do’a pangestunipun..."

                  Sabanjure lelrorone reruntungan ninggal papan kono, saperlu ngadhep ki Ageng nyuwun pangestu anggone jejodhowan..........

                  Nalika wektu wis ngancik wulan ka-lima anggone jejodhowan, Saraswati wiwit ngandhut. Lelorone seneng banget. Sawijine sore, nalika lelorone nembe linggih ana gandhok, Ki Sraba kandha menyang  bojione.

                  " Nimas Dewi Saraswati, saiki slirane wis ngadhut, ananging kaweruhana aja pisan-pisan kowe telat anggonmu ngentas memeyan arupa  bengkung, sewek lan kotang kliwat wancii surup. Lan aja pisan-pisan kowe ngungak utawa nyedhak menyang sanggar pamujanku. "

                  "Inggih, Kakangmas. Kula badhe tansah ngenget-enget sedaya menapa engkang dados sirikan penjenengan. "

                  Dina-dina sabanjure, Saraswati tansah ngeling-eling apa kang dadi pantangane ki Sraba. Sadurunge surup surya, bengkung sewek lan kotang mesthi wis dientas saka memeyan. Semono uga dheweke ora tau nyedhak menyang sanggar pamujane ki Sraba. Kahanan ngono mau nganti sawatara sasi. Nalika anggone mbobot wis nyedhaki arep nglairake, anggane Saraswati krasa lungrah. Awak sarane abot kanggo mlaku. Mula dheweke mung lemah-lemah ana ing amben senthong tengah. Ora krasa angggone lemah-lemah nganti kliwat surup. Saraswati kaget banget nalika ki Sraba wus ana sandhinge sinambi nggawa bengkung, seek lan kotange kang lali during dientas saka memeyan.

                  “Pranyata slirane wus nerak wewalerku, Nimas. Coba delengen apa kang dak gawa iki. Kanthi mangkono aja nyalahake aku, yen sababubare kedadeyan iki, aku ora bias nunggoni anggonmu  bakal nglairake. ”

                   “Nyuwun pangapunten, Kakangmas. Kula ngakeni lepat….”

                  “Ananging kuwi wus kebacut kedadeyan, Nimas. Mula ora susah digetuni maneh”

Sabubare kandha mangkono, ki Sraba Banjul klepat lunga ninggal papan kono bablas mlebu menyang sanggar pamujan ora metu-metu. Atine Saraswati bali ora kepenak. Wis seminggu iki, Pranyata ki Sraba anggone ora gelem metu saka sanggar pamujan.  Ing kahanan kang mumet ora karu-karuan, Saraswati lali marang pantangane ki Sraba sing angka loro. Kanthi ati kang ora kepenak dheweke enggal nyedhaki sanggar pamujan. Lawange kang pranyata ora dikancing mau enggal dibukak. Saiba kagete dheweke nalika lawang sanggar wus dibukak. Saraswati njerit banter banget. Terus anggane limbung, sempoyongan arep semaput bareng ngawruhi apa kang ana ing sanjerone sanggar pamujan. Ing sanjerone sanggar, dudu ki Sraba kang ditemoni. Ananging sawijine Bajul putih kang gedhe banget nembe lemah-lemah ana amben sanggar pamujan sajak nembe nglakoni tapa brata.

                  Krungu swara panjerite Saraswati, bajul putih kang nembe semadi mau enggal mencolot saka panggonane, terus nyaut anggane Saraswati. Awak wadon kang lemes merga kaget lan kamiweden mau enggal diglethakake menyang amben sanggar pamujan. Sawise diupakara sedhela, Saraswati pulih saka anggone  semaput.

                  “Ora susah kaget, Nimas. Sejatine kang wujud bajul putih kang ana ing sangarepmu iki ora lia ya aku ki Sraba bojomu dhewe. Merga slirane nerak wewalerku, mula bali maneh wujud asliku kaya kang nembe mbok deleng iki. Aku mung pesen, bakale yen anakmu lair lanang jenengna Menak Sopal.  Lan ali-aliku iki wenehna dheweke minangka warisan saka aku. Ning yen wadon, terserah kowe. Saiki karia slamet, aku arep bali menyang papanku sakawit yaiku ing kedhung kali Bagong….” Sawuse kandha kaya mangkono, bajul putih banjur lap ilang saka pandulune, Saraswati.

                   Saiki mung kari Saraswati ijen ana kamar kono. Atine remuk-rempu. Dheweke getun banget. Pranyata kang mitulungi dheweke lan dadi bojone selawase iki ora liya siluman kedhung Bagong wujud bajul putih. Ning kepriye maneh barang wus kadhung. Rasa kepengine anggone arep nggugurake kandhutane tansaya kuwat.

                  “Ora susah mbok getuni, rara Amis. Lelakonmu mau pancen wis dadi garise Gusti kang akarya jagad. Sliramu sing nglakoni kudu tansah eling lan tabah, supaya Gusti ora saya murka. Aja mbok munasika kandhutanmu. Bene jabang bayi kuwi lair lan nikmati kaendahane alam wadhag. Sapa ngerti krana jabang bayi mau kowe bakal oleh kanugrahane urip ….” Dumadakan ana swara adhem mrebawani, swarane ki Ageng kang wus ana sandhinge, Saraswati.

                  “Nyuwun pangapunten ingkang ageng, Ki. Kula ngraos mboten kiat nampi pacoban ingkang semanten agengipun…”

                  “Kuwi kleru, Ndhuk. Menungsa wantah kaya kowe  lan aku ngene iki  mung saderma  nglakoni. Ora wenang nulak. Yen lelakon kang ginaris mau bisa mbok liwati kanthi sabar lan tawakal, Gusti ora bakal aniaya marang kawulane. Mula lakonana kanthi tabah lan tawakal. Aku kang bakal njampangi lakumu…”

                  “Matur nuwun, ki Ageng. Namung panjenengan ingkang dados papan kangge ngesok sedaya uneg-unege manah kawula.”

                  “Wis saiki leremna pikiranmu. Nyuwun pangapunten  marang Pangeran kang akarya jagat supaya pacoban iki enggal mungkur.….”

                  Saraswati ngadek saka papan kono. Dheweke banjur menyang pakiwan. Njupuk banyu wudlu. Banjur sholat kajat, nyuwun karahayon sarta diparingi jabang bayi kang bakale bisa ngayomi ibune lan piguna kanggo masyarakat kiwa tengene….

 

 

3. KELAHIRANE MENAK SOPAL.

    N

alika kuwi wancine wus surup. Kahanan padepokan Sinawang papane ki Ageng katon ayem. Langit padhang sumilak. Lintang-lintang abyor. Rembulan nylirit nanggal sepisan. Angin sumribit kalem. Nggawa hawa kang seger.

                  Ing kahanan kaya mangkono nikmate mau, dumadakan Saraswati krasa yen wetenge lara. Saya suwe saya nemen. Plilitan nganti dheweke molak-malik ana paturon. Sajake jabang bayi kang dikandhut, Saraswati wis wancine lair. Mula kabeh kang ana padepokan kono malih repot. Kaya biasane, saliyane wong wadon kang mbebantu dukun bayi, wong lanang-lanang nunggu ana sanjabane senthong. Malah ana kang grombol-grombol ing pendapa. Kabeh kepengin mangerteni babare kelairan kang dirasa aneh. Ing kalangan masyarakat kang manggon ing sacedhake padhepokan kono, Kelahiran pisan iki mujudake kalahiran kang aneh. Saraswati ngandhut bayi siluman bajul putih kedhung Bagong. Racake wong-wong mau padha kepengin ngerti kepriye mungguh wewujudane bayi siluman kang ana ing wetenge Saraswati.

                  “Aku nduweni firasat, bakale ing padepokan kene nemoni lelakon kang gawok marengi kelahirane Saraswati…” sawijine pawongan kang nembe njagong ing pendhapa kandha menyang kancane.

                  “Akh, gayamu kaya ngerti-ngertia bae. Umpama kowe kuwi pangananmu watu ngono aku percaya. Ning  kowe saben esuk ngentekake sega sewakul, sapa percaya karo tembungmu….”

                  “Lha iya, gayane nebak-nebak kaya tukang tirakat ae….”

                  “Aja kesusu moyoki tembungku. Coba ta dinalar, Saraswati mono kawin karo seluman. Mesthine keturunan seluman ya kaya seluman. Malah iki seluman bajul putih pisan. Aku dadi selak kepengin ngerti kepriye mungguh wujude ponang jabang bayi seluman bajul putih mau….”

                  “Ning kita ora kena  ninggal apa pesene, ki Ageng menyang awake dhewe.  Kodrat lan irodat mono tekane saka Gusti Allah. Menungsa mung saderma nglakoni. Sapa ngerti bayine Saraswati mau ora dikodratake kaya apa kang mentas mbok kuwatirake mau…”

                  “Tegese, kowe ora nduweni perasaan kaya aku lan kanca-kanca iki?”

                  “Perasaan kuwatir kuwi ya ana bae, ning apa kita kudu ngengon perasaan kang ora ngepenaki kaya mangkono? Luwih becik kita nenuwun menyang Pangeran  kang akarya jagad supaya proses kelahiran kang bakal dilakoni Saraswati mau lancar ora nemoni sambekala. Dene bayi kang dikandhut uga dudu wewujudan kang nggegirisi kaya kang mbok gambarake kuwi…”

                  Sing diajak caturan ora nyauloni. Kahanan malih dadi amem. Sumilire angin wengi sumribit nggawe miris ing Githok. Saka senthong tengah papan panggonane Saraswati nunggu kelairane jabang bayine, keprungu lamat-lmat sambate Saraswati kang nahan rasa lara. Sajak pancen ora sabaene, wiwit sore nganti tengah wengi durung ana tanda-tanda yen jabang bayi arepe lair. Isih panggah mbegegeg durung gelem mlorot mudhun.

                  Nalika fajar wiwit teka, dumadakan kahanan kang wiwit mau tegang kuwi dikagetake swara tangise bayi. Kabeh kang ana kono malih njenggirat kaget. Tegang campur miris. Racake padha enggal kepengin mangerteni wujude bayi kang aneh mau. Mula tanpa dikomandho, wong-wong kang linggih ana pendhapa enggal-enggal mlayu marani senthong papane Saraswati nglairake. Ning wog-wong mau ora wani mlebu. Banjur padha grombol-grombol ana ngarep lawang senthong.

                  Nalika sawijine pembantu ujug-ujug metu saka njero senthong saperlu arepe golek banyu anget menyang pawon, langsung wae wong-wong kang padha nggrombol kuwi ngebyuk marani.

                  “Kepriye kahanane? Apa …..?”

                  “Ki Ageng durung pareng nyritakake kahanane jabang bayi. Aku ora wani. Mengko mundhak didukani…,” Sayem kandha sinambi nyisihi wong-wong kang ngebyuk dheweke bablas menyang pawon.

                  "Ketoke ana kang aneh, kelahiran iki. Ketara yen ki Ageng nggawe wadi….”Sawenehe pawongan kang melu mlayoni Sayem mau grenengan karo kancane.

                  “Embuh ah, kita tunggu ae metune ki Ageng saka kamar kono.  Akhire kabeh sing ana kono bali menyang panggonane sakawit.

                  Sauntara wektu, apa sing ditunggu-tunggu wong-wong kuwi teka. Ki Ageng metu saka senthong sinambi nggendhong bayi abang kang wis resik.

                   "Kowe kabeh delengen bayi montok iki. Padha karo apa pesene ki Sraba menyang Saraswati, bayi kang lair kadidenene julung kembang iki bakal dak jenengake Menak Sopal. Lan kabeh kang ana ing kene dadi seksi yen Menak Sopal iki bakale dadi panutan wong-wong kabeh kang ana ing tlatah kene….”

                  Meruhi kahanan mau, kabeh kang ana ing papan kono malih lega. Pranyata apa kang digambarake sakawit, ora dadi kanyatan. Menak Sopal lair normal kaya apa menthine.

                  Nalika bedhug masjid wiwit ngumandhangake adzan subuh, kabeh kang ana papan kono enggal bubar nuju pakiwan. Dipimpin ki Ageng. Sabubare sholat, padha nindakake sujud syukur. Pranyata apa kang selawase iki dikuwatirake, ora dadi kanyatan……



 

 

 


4. MENAK SOPAL CILIK.

K

elahirane Menak Sopal disambut gumbira dening kabeh  warga kang  manggon ing kiwa tengene Padepokkan Sinawang. Menak Sopal cilik urip kanthi apik. Bayi Julung kembang diyakini warga kiwa tengen padepokkan kono, mbesuk bakal nduweni kaluwihan kang limpat ngluwihi sapepadhane. Kaluwihan kang nyolok, Menak Sopal disenengi dening kabeh warga masyarakat kono. Mula ora nggumunake yen nalika isih cilik Menak Sopal wis pinter ngomong kang bisa maremake sing ngrungokake.

                  Kaluwihan liyane kang ora ana sing madhani, yen wayah bengi, nalika dheweke turu, awake sakojor nyunarake cahyo putih semu biru. Wiwitane Rara Amis wedi banget nalika ngawruhi kahanan kaya mangkono. Nalika kuwi Menak Sopal isih umur limang taun. Enggal bae kahanan kuwi dilaporake menyang Ki Ageng.

                  "Jaganen anakmu !!  Aku nduweni  firasat, mbesuk anakmu kuwi bakal dadi wong kang luar biasa.  Cahyo kuwi mujudake cahyo cumbu manik kang ora angger wong kasinungan cahyo kaya mangkono. Umpama wong biasa kepengin kanggonan cahyo mau, mesthi kudu ndadak nglakoni tirakat kang suwe lan angel. Merga cahyo kuwi nandakake yen pawongan kang kanggonan bakal nduweni kaluwihan ing sanjabane nalare manungsa lumrah,"  kaya mangkono pesene ki Ageng nalika nampa laporan kahanane Menak Sopal lan nyatakake dhewe. Mula kuwi, atine Saraswati malih kalipur. Saben ndina Menak Sopal cilik didusi nganggo banyu  Gege. Miturut riwayat, banyu Gege mujudake banyu kang dijupuk saka sendang pitu kang dipepe, banjur dicampur nganggo kembang setaman. Sadurunge dianggo adus, Dewi Saraswati ngucapake donga panyuwun menyang Pangeran kang kagungan urip supaya Menak Sopal dadi pawongan kang  piguna kanggo masyarakat. Umpama diparingi kaluwihan saka sapepadhane, kaluwihan mau dianggo nulung masyarakat kang mbutuhake pitulungan. Pranyata panyuwunane Saraswati dikabulake dening Pangeran. Kulite Menak Sopal malih saya kuning langsat. Saya sumunar lan angganda wangi.          

                  Nglanjak ing umur remaja, Menak Sopal saya tambah kaluwihane.Kabeh piwulang agama lan kanuragan kang diajarake ki Ageng menyang dheweke ditampa kanthi sampurna. Dheweke uga kasil nguwasani ilmu malih rupa sing mujudake ilmu warisane ki Sraba.  Yen ilmu mau digunakake, awake Menak Sopal malih dadi macan gembong  sagudel anakkan.

                  “Ilmu malih rupa mujudake warisan kang dititipake ramamu. Supaya luwih sampurna, mula ali-ali tinggalane ramamu iki dak wenehake menyang kowe. Nanging elinga ya, Cah Bagus. Yen ilmu kuwi kudu diamalake. Dadi ora kena kanggo njarahi liyan….”

                  “Kasinggihn, bapa ki Ageng.”

                  “Mula baktekna awakmu kanggo kepentingane masyarakat kang mbutuhake pitulunganmu. Adohna saka sifat kumalungkung supaya ora ngancurake awakmu dhewe.”

                  “Kasinggihan, ki Ageng. Kula nyuwun do’a pangestunipun supados kula saged njagi badan kula kados menapa ingkang ki Ageng kersakaken,”

                  “Ya dak pangestoni. Sing penting kowe tansah mlaku kanthi sabar lan tawakal. Piwulangku supaya kowe tansah percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kudu tansah ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur…" Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"

Percaya, eling, ngabekti, lila, nampa, Sabar, ati-ati lan nduweni bebuden luhur. Eling tegese kowe kudu eling marang kang gawe urip yaiku Gusti Allah. Percaya yen Gusti Allah kuwi bener-bener ana lan percaya menyang takdire Pangeran. Yen wis mangkono kowe kabeh kudu ngabekti lan lila nampa apa kang wus dadi kersaNe kanthi sabar lan tawakal. Sarta urip mono kudu tansah ngati-ati, ora perlu grusa-grusu sarta wicaksana menehi keputusan sarta ora perlu kumalungkung supaya nduweni bebuden kang luhur"                  Akeh-akeh kang dingendikakake, ki Ageng.

                  Krana tansah oleh piwulang luhur lan dhasare bocah kang nduweni sifat andhap asor, mula jiwane Menak Sopal malih kabentuk dadi bocah kang nduweni rasa tanggung jawab.

                  Nuju sawijining dina, wektu kuwi ing dhaerah cedhak padhepokan Sinawang nembe larang banyu. Menak Sopal lagi mlaku-mlaku ana sisih kidul padepokan sinawang. Ing cedhak belik cilik, ana sagrombolan wong kang rubung-rubung. Ketoke wong-wong mau nembe padha regejegan.

                  "Dadi  kowe kabeh padha ngerbutake belik cilik iki? Apa kaluwihane belik iki?"

                  "Wis suwe belik iki kita gunakake kanggo keperluan urip sabendina. Merga banyune bening lan seger. Sawatara yen ndhudhuk sumur ambune banger kaya peceren. Nanging dheweke ngotot, belik iki arepe ditutup, dianggo mbanyoni sawah. Apa bisa belik semene cilike kanggo ngoncori sawah? Sawatara kanggo ngombe wae antri….”

                  "Kowe sing ora ngerti maksudku. Belik iki oleh mbok anggo keperluan urip seben dina, ing wanci awan. Lha yen bengi dak anggone ngoncori sawah"

                  "Nanging kowe  serakah, coba delengen belik iki arep mbok tutup nganggo tembok. Kanthi tujuan, banyune arep mbok ilekne menyang sawah, nganggo pipa pring. Sawatara kuwi belike arep mbok tutup nganggo tembok. Aku lan kabeh masyarakat kiwa tengen belik kene bakal kangelan anggone njupuk banyune!....."

                  "Wis… kowe kabeh ora usah regejegan. Yen miturut panemuku pancen apike belik iki ditutup nganggo tembok kareben banyune tetep resik. Lha kanggo njupuk banyune, cukup nganggo pipa-pipa saka pring iki. Kanggo keperluan urip sabendina pringe dipotong cendhak. Dadi banyune malih kaya pancuran. Dene kanggo ngoncori sawah, kita pasang nganggo pipa liyane. Apa usulku iki bisa mbok tampa? "

                  "Ya wis…. Aku nampa usulmu...." pungkasane kang nembe regejegan nampa usule Menak Sopal.

                  "Yen kaya mangkono, ayo padha gotong royong mbangun belik iki nganggo tembok. Aku kanthi eklas ngrewangi pegawean iki.," Menak Sopal banjur ndhisiki tumandang.

                  Sawise rampung, pranyata belik kang wis dibangun tembok mubeng kuwi mancurake banyu luwih bening lan luwih akeh timbang sadurunge.

                        "Merga belik iki sawise dibangun tembok masalahmu malih dadi gamblang, mula panggonan kang ana belike dikupeng tembok iki bakale dak jenengake          Sumber Gedong. Tegese sumber kang dikupengi gedong. Wong-wong kang ana kono manthuk ngiyani tembunge Menak Sopal.

                  Sabanjure Menak Sopal nerusake anggone mlaku mangetan. Ing satengahe dalan, dheweke cethuk pawongan kang nembe nggawe grabah. Anehe kabeh kang nyambut gawe kuwi racak tutuke padha nyamuk-nyamuk. Banjur dheweke takon,

                  "Sampeyan karo nyambut gawe kuwi nembe mangan apa, Pak? "

                  "Kencur, Den mas. Kareben badanku kuwat. Awit yen nembe larang banyu ngene iki, kanggo ngudhek luluhan iki kudu mikul banyu saka pereng gunung kae. Kamngka pancuran kae cukup adoh saka kene. Pancuran kae mujudake pancuran banyu kang paling cedhak saka panggonanku nyambut gawe....."

                  "Yen kaya mangkono, seksenana yen mbesuk jamane reja,  kanggo pangeling-eling, papan kene dak jenengake dusun Ngampon. Tegese papane wong nyambut gawe sinambi mangan empon-empon. Dene papan panggonane pancuran kae dak jenengake dusun kucur," Wong-wong sing diajak kandha MenakSopal mung manthuk karo panggah nyambut gawe.

                  Menak Sopal ora suwe ana dusun ngampon, dheweke terus mlaku saya ngetan. Tekan sawijine papan, kupinge rumangsa risi merga krungu swara gumerah.  Jebul swara mau asale saka wong-wong kang nembe mbangun sawenehe omah kanthi gotong royong. Merga saking akehe pawongan kang ana kono, akhire swarane gumrenggeng reja i kaya pasar. Kawetu tembunge, :

                  "Mbangun wae  kok reja banget suarane. Mbesuk yen jamane wis reja, kampung kene bakal dak jenengake Rejowinangun

                  Nalika bagaskara wiwit ngglewang ngulon, Menak Sopal bali menyang padhepokan.Pikirane dadi gerah, nemoni kedadeyan kang nembe dilakoni. Kabeh wong-wong kang dicethuki, racake padha kangelan golek banyu. Nganti padha rebutan. Malah ana kang meh tawuran mung perkara banyu. "Umpama wong-wong mau padha oleh banyu kang cukup, mendahneya senenge? Kira-kira asile panen uga bakal ningkat.

                  Menak Sopal mumet anggone mikir kepengin mbiyantu karo penduduk kang mbutuhake banyu. Ngunggahake banyu rawa sa-elore kali ngasinan jelas ora mungkin. Siji-sijine dalan yaiku mbendung kali mbagongsing banyune ora bisa asat senadyan ketiga dawa,"------ kaya mangkono anggone mikir Menak Sopal.  Mula dheweke tansah kaya wong bingung…..

 

 



 

Comments