Grebeg Gethuk Mantyatidar
Dening: Bintang Gumilar
Dening: Bintang Gumilar
Ing sawijining kutha kang makmur lan tentrem, sing dijenengi Kutha Mantyatidar, urip maneka warna kewan kanthi rukun. Saben taun, ing dina ambal warsane Kutha Mantyatidar, kabeh kewan padha ngumpul ing Alun-alun Mantyasih kanggo ngrayakake Grebeg Gethuk, wujud rasa syukur marang panen pohung sing lubèr.
Grebeg Gethuk dudu acara biasa. Tradhisi iki diwiwiti kanthi arak-arakan sakral saka ngisoring Gunung Tidar. Ing ngarep barisan kang dadi cucuk lampah, ana Kancil kang wasis, sing dadi juru kunci gunung, kanthi bombong mongkog nggawa Tombak Kyai Plered, pusaka leluhur sing nduweni daya linuwih. Ing mburine, ana pitung gunungan gethuk gedhe, digawa bebarengan dening sesulih saka pitung desa ing kutha Mantyatidar: rakyat Gajah saka Desa Lereng Tidar, rakyat Jaran saka Desa Rejowinangun, rakyat Kebo saka Desa Kali Plengkung, rakyat Wedhus saka Desa Cacaban, bangsa gegremetan saka Desa Kramat, rakyat Singa saka Desa Kaprajuritan Kodim, lan rakyat reptil saka Desa Mantyasih.
Nanging, ing pinggir alas Kebon, ana rong kewan sing duwe niat ala, yaiku Macan sing serakah lan Ula sing licik. Kekarone ora nate melu Grebeg Gethuk. "Ula, coba delengen Tombak Kyai Plered kuwi!" kandhane Macan. "Yen kita bisa ngrebut pusaka kuwi, kita bakal duwe kakuwatan kanggo dadi panguwasa kutha iki!" Ula manthuk, "Lan gethuk-gethuk kuwi, mesthi dadi nggone awakdhewe kabeh!"
Arak-arakan diwiwiti kanthi bungah lan rame. Gajah lan kanca-kanca liyane nggawa gunungan kanthi ati kang mongkog. Swara lelagoning Jangkrik lan Walang saka rombongan Desa Kramat nambah ramene swasana. Kancil minangka pandhega ing ngarep, atine bungah. Para kewan ing pinggir dalan padha surak-surak, ngenteni adicara grebeg.
Pungkasane, kabeh arak-arakan tekan ing Alun-alun Mantyasih. Swasana dadi luwih ramé, ewonan kewan wis kumpul. Tombak Kyai Plered lan pitung gunungan gethuk diatur kanthi rinengga ing tengah alun-alun.
Nalika Kancil arep masrahake Tombak Kyai Plered marang Gajah kanggo upacara ndedonga, dumadakan Macan lan Ula metu saka papan ndhelik. Kekarone nyerang kanthi cepet. Macan nggero lan nyerang Kancil, dene Ula kanthi cepet nggubed sikile Gajah, marai Gajah ora bisa obah.
"Wenehake pusaka kuwi, Kancil!" bengoke Macan kanthi galak. "Pusaka iki saiki dadi duwekku!"
Kancil kanthi cekatan ngadohi Macan, nanging ing tengah gelut mau, Macan nggusah tangane Kancil, kang ndadekke Tombak Kyai Plered tiba lan tumancep ing lemah, pas ing cedhak gunungan. Sanalika, kekuwatan pusaka sing lumebu ing lemah ndadekke obah lemahe kaya ana lindhu.
Bruk! Pitung gunungan gethuk raseksa kelanga daya. Siji mbaka siji padha ambruk, rusak, lan gethuk-gethuk buyar pating slebar ing tengah alun-alun. Para kewan kaget lan meneng. Upacara sing kudune sakral dadi semrawut.
Macan lan Ula, sing ora bisa ngrebut pusaka, dadi jengkel. Nanging Macan weruh kabeh gethuk wis bubrah. Dheweke nggero, "Panganan! Ayo, diidak-idak kabeh iki supaya ora ana sing kebagian!" Ula uga ndhisiki, kanthi nggragas mangan gethuk sing isih wutuh.
Nanging, ana sing aneh. Nalika gunungan ambruk amarga pusaka, daya linuwih Tombak Kyai Plered ora ilang. Pusaka kuwi ngetokake energi sing ora katon menyang gethuk-gethuk sing pating slebar.
Para kewan sing wiwitane bingung lan sedih, banjur dadi ngerti. Gethuk-gethuk iku kudune kanggo kabeh, ora mung kanggo wong siji. Tanpa dikomando, para kewan banjur rebutan gethuk sing isih resik. Tradhisi kang maune tertib, malih dadi rebutan massal, nanging ana rasa guyub ing kono. Kabeh padha bungah, amarga kabeh entuk rejeki.
Macan lan Ula, sawise entuk gethuk akeh, banjur lunga karo weteng sing wis wareg. Nanging ora suwe sawise ninggalake alun-alun, Macan ngrasakake lara ing wetenge. "Wetengku... lara banget," jerite. Ula uga sambat. Tanpa dinyana, gethuk-gethuk sing padha dipangan kanthi serakah, wis kena daya saka Tombak Kyai Plered. Pusaka kuwi wis menehi paukuman marang sapa wae sing tumindak ala. Macan lan Ula ora suwe banjur tiba lan ora obah maneh.
Kancil sing wis njupuk Tombak Kyai Plered lan nggawa bali menyang panggonan sakral, banjur nyedhaki para kewan sing isih rebutan. Kabeh meneng, nunggoni andharane kancil.
"Sedulur-sedulur sedaya," Kancil matur, "Kedadeyan dina iki pancen wus pinesthi. Macan lan Ula wis nampa paukuman saka tumindake dhewe. Pusaka iki ngajarake babagan pitutur Jawa, 'Sing sapa salah seleh'. Sapa sing nglakoni ala bakal entuk piwalese. Tradhisi Grebeg Gethuk iki wis owah. Iki dudu kekarepan, nanging pasinaon kanggo awakdhewe kabeh."
Kancil neruske kandha, "Grebeg Gethuk saiki dadi kaca benggala saka atine awakdhewe. Gethuk sing pating slebar iki minangka simbol saka ora kasile kita njaga tradhisi, lan dadi pangeling-eling yen rasa serakah lan niat ala bisa ngrusak apa wae. Mula, wiwit saiki, gunungan gethuk ora bakal dibagekake kanthi alon-alon maneh, nanging bakal direbut bebarengan. Iki minangka pangeling-eling kanggo awakdhewe, yen karukunan lan rasa syukur kudu luwih gedhe saka rasa pengin duwe dhewe."
Lan wiwit dina iku, Grebeg Gethuk ing Kutha Mantyatidar wis owah. Gunungan gethuk diatur ing tengah alun-alun, didongani bebarengan, banjur direbutke bebarengan dening kabeh kewan. Tradhisi anyar iki dadi simbol sing kuat, ngajari para kewan yen sanadyan ana masalah lan godha, karukunan lan rasa syukur ora bakal ilang.